A. Pengertosan Morfologi
Morfologi ngrupiaken setunggale ilmu basa kang seliyane nylidiki seluk-beluk setunggale wangun tembung minangka bidang kajian utamae, morfologi ugi nylidiki kemumkinan-kemumkinan wontene perobihan golongan tembung saking tembung asal kaliyan makna tembung kang tumimbul minangka akibat perobihan wangun tembung. Morfologi gadah hubungan kang raket kaliyan ilmu basa kang sanese kados dene hubungan antawis morfologi kaliyan leksikologi lan hubungan antawis morfologi kaliyan sintaksis.
Sanajan antawis morfologi kaliyan leksikologi punika kekalihe sami-sami mlajari masalah makna kang wonten teng selebete tembung, nanging kekalihe punika angger wonten bentene. Anadene bentene antawis morfologi kaliyan leksikologi nggih niku upami morfologi mlajari makna gramatikal sedeng leksikologi mlajari makna leksikal. Kang dimaksad kaliyan makna gramatikal nggih niku makna tembung kang tumimbul keranten wontene proses gramatikal atanapi peristiwa gramatikal, sedeng kang dimaksad kaliyan makna leksikal nggih niku makna tembung kang kirang langkung makna tembung punika angger.
Antawis morfologi kalian sintaksis punika sami-sami ngrupiaken setunggale ilmu basa, nanging morfologi ilmu kang mlajari wangun-wangun tembung sedeng sintaksis punika ilmu basa kang mlajari hubungan antawis tembung/frasa/klausa/ ukara kang setunggal kaliyan tembung/frasa/ klausa/ukara kang sanese. Mekaten ugi masalah bidang kajiane, upami morfologi punikia bidang kajian kang paling ageng puniku tembung atanapi morfem, sedeng sintaksis punika bidang kajian kang paling alit puniku tembung atanapi morfem.
Wangun-wangun morfologi teng basa Cerbon peryogi disumerepi pembagian kelas tembung atanapi jinis tembung (warni tembung) kang seliyane sampun disaluyuaken kaliyan pembagian tembung miturut tata basa tradisional saking Aristoteles, ugi sampun ditambih kaliyan warni-warni tembung kang gesang teng selebete basa Cerbon piyambek.
B. Satuan Gramatik
Satuan gramatik nggih niku ijenan-ijenan (satuan-satuan) kang gadah makna. Anadene makna kang digadahi dening satuan gramatik punika saged arupi makna gramatikal kang arupi morfem, tembung, frasa, klausa, ukara, atanapi wacana, saged ugi makna leksikal. Secara umum ijenan gramatik wonten kalih jinise nggih niku satuan gramatik tunggal (tembung lingga) lan satuan gramatik kompleks (tembung andahan).
Wangun tunggal atanapi tembung lingga nggih niku ijenan gramatik kang sampun mboten gadah ijenan (satuan) kang langkung alit malih, sedeng wangun kompleks nggih niku satuan gramatik kang maksih gadah satuan gramatik kang langkung alit malih.
Umpamie :
wonten –> wangun tunggal
ngewontenaken –> wangun kompleks (aN– + wonten + aken)
diwontenaken –> wangun kompleks (di– + wonten + aken)
kewontenan –> wangun kompleks (ke–an + wonten)
1. Satuan Gramatik Bebas
Satuan gramatik kang saged mangadeg mandiri teng tuturan (pangandikan atanapi ucapan) kang biasa disebate satuan gramatik bebas. Teng morfologi wangun bebas punika disebat kaliyan istilah tembung, sedeng teng kajian semantik disebate leksem. Bloomfield netelaken nyaniya kang disebat tembung punika wangun bebas sanes frasa, saged ugi disebat wangun bebas kang mboten diwangun dening kalih wangun bebas atanapi langkung kang paling alite.
Selebete hal punika, Kridalaksana nyukani wangunan tembung dumasar teng unsur pangwangune. Kridalaksana netelaken ‘Tembung nggih niku morfem atanapi kombinasi morfem kang arupi wangun kang paling alite tur saged diucapaken dados wangun bebas, wangun basa kang saged mangadeg mandiri, diwangun dening setunggal atanapi gabungan morfem’. Teng basa Cerbon, saking semanten katahe cacahe tembung punika saged dikelompokaken dados gangsal welas jenis tembung, nggih niku :
a. Tembung barang (kata benda/nomina)
Tembung barang ngrupiaken tembung kang wujude barang, artose ngrujuk teng janma, kewan, barang, lan konsep. Umpamie : lare, meja, Indonesia, kucing, mega, pandengan, lan sanes-sanese. Tembung barang saged dibentenaken dados kalih jenis nggih niku tembung barang kongkret lan tembung barang abstrak.
1) Tembung barang kongkret nggih niku tembung barang kang saged diserap dening alat indera.
Umpamie :
lemari
meja
kursi
dipan
sofa
2) Tembung barang abstrak nggih niku tembung barang kang mboten saged diserap dening alat indera.
Umpamie :
kamanusan
kemerdikaan
dina
malaikat
kesenengan
b. Tembung kriya (kata kerja/verba)
Tembung kriya ngrupiaken sedanten tembung kang nyatakaken paripolah, tindakan, panggawe, atanapi gerak barang. Umpamie: siram, dahar, ngaji, nembang, nangis, lan sapanunggalane. Tembung kriya saged dibentenaken dados sekawan macem, nggih niku tembung kriya aktif, tembung kriya pasif, tembung kriya intransitif, lan tembung kriya transitif.
1) Tembung kriya aktif nggih niku tembung kriya kang nyatakaken panggawe kang dilampahaken dening subjek.
Umpamie :
Amir ndobrak lawang.
Nissa blanja teng warung.
Hafizh mangan kembili.
2) Tembung kriya pasif nggih niku tembung kriya kang nyatakaken panggawe kang dilampahaken dening objek.
Umpamie :
Potlot punika ditumbas dening Hafizh.
Tatik keplesed ning solokan.
3) Tembung kriya transitif nggih niku tembung kriya kang diampili dening objek.
Umpamie :
Mimi nganter Aqsal teng sekolah.
Salsa mbantu mimi ngliwet.
Hafizh lagi ngajar layangan ning lapangan.
4) Tembung kriya intransitif nggih niku tembung kriya kang mboten diampili dening objek.
Umpamie :
Fachri blajar ning ruang tamu.
Nadilla nangis kelangan mimie.
c. Tembung kewontenan atanapi sipat (adjektiva)
Tembung kewontenan nggih niku tembung kang nerangaken sipat atanapi kewontenan setunggale benda atanapi barang.
Umpamie :
Nissa lan Hafifz bocah kang pinter.
Kepengen lulus ora kena males.
Kang wekel blajare, Cung!
d. Tembung keterangan (adverbial)
Tembung keterangan nggih niku tembung kang nerangaken tembung kriya, tembung sipat, atanapi tembung wilangan. Biasae tembung keterangan punika nerangaken waktos lan panggenan. Umpamie : wingi, nikiyen, benjing, minggu aujeng, sasih ajeng, lan sapanunggalane.
Tembung keterangan saged dibentenaken teng atase keterangan panggenan (tempat), keterangan waktos, keterangan tujuan, keterangan sebab, lan keterangan alat.
1) Keterangan panggenan
Umpamie :
Tatik lagi les ning sekolah.
Tanduren kembange ning buri umah!
Aja dolanan ning arep lawang.
Ning iringan umahe Pak Maftuki ana tajug.
Kerja ning Jakarta kudu duwe keterampilan.
2) Keterangan waktos
Umpamie :
Jaman bengen luru mangan bae kengelan.
Wingi Pak Rodin ngajar Matematika.
Sekien segala kang dipengeni bisa kelakon.
Salsa lan Nabila mengko sore arep kemah.
Enake sih lungae sukiki bae.
3) Keterangan tujuan
Umpamie :
Sira kang wekel blajare sambir lulus.
Aqshal ngirim surat kanggo Fachri.
Supaya ora diumbangi, aja dolanan bae.
4) Keterangan sebab
Umpamie :
Asale digungung bae dadi bocae nakal.
Asep disetrap margi mboten ngerjakaken PR.
Tatik nagis lantaran goleke ilang.
Kula sih mboten milet keranten mboten gadah yatrae.
Isune dikongkon mongmong adi sebab mimi lagi gegoreng.
Yong sira sih ora nurut ning omongane wong tuwa.
5) Keterangan alat
Umpamie :
Mang Misti kesah kelawan bujeng-bujeng.
Tebangen gedang sareng golok.
Hafizh nggambar mobil ngangge krayon.
Aqshal kesah sekolah mbakta motor.
e. Tembung gegantos (pronominal)
Tembung gegantos nggih niku tembung kang diangge kangge nggentos tembung barang. Umpamie : kula, sampeyan, isun, panjenengan, deweke, piyambeke, lan sapanunggalane. Tembung geganten punika saged dibagi dados tembung gegantos tiyang, tembung gegantos milik, tembung gegantos penuduh, tembung gegantos patangled, lan tembung gegantos mboten temtos.
1) Tembung gegantos tiyang
a) Tembung gegantos tiyang pertami
Umpamie :
Kula ngraos kengelan ndidik lare nglampahaken bebener.
Isun duwe pitik cilik.
Dalem mboten sanggem, Gusti.
reang tah dugal ning dika kuh!
Kula sedaya, sampun sayogi nampi titah.
Kita kabeh wis ngrasa pegel.
b) Tembung gegantos tiyang kaping kalih
Umpamie :
Sira aja memengkel bae wong tuwa.
Sampeyan minangka pembarep kedah nyukani tulada.
Kula percanten dumateng panjenengan.
Mekaten ugi panjenengan sedanten.
Kula percanten dumateng sampeyan sedaya.
c) Tembung gegantos tiyang kaping tiga
Umpamie :
Deweke ora duwe inisiatif.
Ngantos saniki kula maksih kemutan teng piyambeke.
Deweke kabeh tekaa ning umahisun.
Piyambeke sedanten kedah eling.
2) Tembung gegantos milik
Umpamie :
Motor sing paling blesak ndekeisun.
Sarung kang kuen kuh dekesira.
Kang warnae abang kuh potlotira.
Kang gambare kimos kuh bukuisun.
3) Tembung gegantos penuduh
Umpamie :
Ning kana ana pakeliran wayang.
Maue potlotira tek taruh ning kene.
Malinge mlayu mrana.
Cape Mang Usnadi bade mriki.
4) Tembung gegantos patangled
Umpamie :
Sinten kang gadah buku gambar?
Kapan pereistiwa punika dumados?
Punapa kang kedah dibakta?
Kemah dilaksanakaken teng pundi?
Awite kepripun ngantos semanten deder wadere kuh?
Kenging punapa panjenengan wau dalu mboten dugi?
5) Tembung gegantos mboten temtos
Umpamie :
Kula lan sampeyan gadah rejeki piyambek-piyambek.
Katah tiyang kang mboten saged mlebet.
Ari kula sih angsale kuh sekedik pisan.
Pirang-pirang wong kang ndeleng bal-balan.
f. Tembung wilangan (numeralia)
Tembung wilangan ngurpiaken setunggale tembung kang nyatakaken cacahe barang, kempelan, atanapi urutan panggenan saking nami-nami barang. Tembung wilangan punika saged dibentenaken dados tembung wilangan utami, tembung wilangan tingkat, tembung wilangan kempelan, tembung wilangan mboten temtos, lan tembung bantu wilangan.
1) tembung wilangan utami
umpamie :
setunggal
kalih
tiga
sekawan
gangsal
nenem
2) tembung wilangan tingkat
umpamie :
kesetunggal
kekalih
kaping tiga
kaping sekawan
kaping gangsal
3) tembung wilangan kempelan
umpamie :
kagangsal
kanenem
kapitu
kawolu
kasanga
4) tembung wilangan mboten temtos
umpamie :
sendik
setitik
akeh
pinten-pinten
5) tembung bantu wilangan.
Umpamie :
sabengket kangkung
sapocong pantun
sagendel rambutan
sakocel wos
saltier lisah lantung
g. Tembung pangantet (tembung penyambung/konjungsi)
Tembung pangantet nggih niku tembung kang fungsie kangge ngubungaken tembung kaliyan ukara, klausa kaliyan klausa, kelompok tembung kaliyan ukara, atanapi ukara kaliyan ukara.
Umpamie :
Zahra lan Nabila dolanan ning latar.
Salsa tumbas gendis sareng sarem.
Benten antawis morfem kaliyan tembung kuh.
Kula angger dugi sanajan jawoh ngrecek.
Piyambeke medal nalika lawang digedor-gedor.
h. Tembung sandang (artikel)
Tembung sandang nggih niku tebung kang fungsie nemtosaken tembung barang atanapi mbentenaken setunggale tembung.
Umpamie :
Kanjeng Nabi Muhammad
Gusti Allah
Hyang Manon
Si Gundul
Sang Saka Purwa Cendekia Wusana
Sri Sultan Hamengku Bhuwono X
Kang Masnun
Bi Titi
Wa Kariri
Mbok Ijun
Cung Abie
Nok Tatik
Yayu Ning
i. Tembung ajeng (preposisi)
Tembung ajeng ngih niku tembung kang ngrangkenaken setunggale tembung kaliyan tembung kang sanes selebete ukara.
Umpamie :
Aja dolanan ning dermaga, Cung!
Bapa siweg medamel teng kebon.
Getuk didamele saking boled.
Pa Maftuki nyukakaken rasukan dateng Bu Aminah.
Puji syukur kula maturaken dumateng Gusti Allah.
j. Tembung seron (pakon/interjeksi)
Tembung seron nggih niku tembung-tembung kang asring dipiangge minangka seron keranten ngraosaken, mirengaken, atanapi ningal.
Umpamie :
Wah, gambare bagus temen!
Aduh, lagi enak-enak ndodok dikongkon menggawe!
Asik, ngko sore dijak jalan-jalan!
Tobat, rasane urip kengelan temen!
Astagfirullahaladziim, bukuisun ketinggalan ning sepur!
Tingeling, bocah jeh angel temen nguruse!
k. Tembung ukuran
Tembung ukuran nggih niku tembung-tembung kang asring dipiangge minangka ukuran (jumblah, awrat, dawa, kewontenan, lan sapanunggalane) barang.
Umpamie :
seunting kangkung
seglondong klapa
sebengket godong suruh
selembar kertas putih
setumpuk koran tabekan
l. Tembung nami
Tembung nami atanapi substantiva nggih niku tembung kang nuduhaken asmaning barang atanapi tiyang.
1) Namie tiyang
Umpamie :
Arief
Aqshal
Nadilla
Zahra
Fachri
2) Namie kota
Umpamie :
Cirebon
Indramayu
Kuningan
Jakarta
Bandung
3) Namie dinten
Umpamie :
Senin
Selasa
Rabu
Kamis
Jumat
4) Namie barang
Umpamie :
rasukan
meja
kursi
celana
lemari
5) Namie sato kewan
Umpamie :
kucing
maisa
mainda
sapi
kambangan
6) Namie wiwitan
Umpamie :
sengon
lamtoro
baujan
jati
mahoni
7) Nami sanese
a) Arane kembang
Umpamie :
kembang blimbing arane maya
kembang duren arane dlongop
kembang gerdang arane jantung
kembang jambe arane mayang
kembang jambu arane karuk
kembang klapa arane manggar
kembang kluwi arane nyamu/sukun
kembang tangkil arane uceng
kembang suru arane drenges
kembang tebu arane glagah
kembang aren arane dangu
kembang blutru arane mlontoro
kembang campu arane pohung
kembang cengkeh arane polong
kembang cipir arane cetetet
kembang dadap arane celung
kembang ganyong arane puspaindra
kembang garut arane gremeng
kembang jagung arane sinuwun
kembang jarak arane juwis
kembang jati arane janggleng
kembang jengkol arane kecuwis
kembang kacang arane sungut
kembang kantil arane gading
kembang kapas arane kadi
kembang kara arane kepek
kembang kates arane paes
kembang kecubung arane torong
kembang kelor arane limaran
kembang kembili arane seneng
kembang kemlanding arane jediding
kembang kopi arane blanggreng
kembang krokot arane naknik
kembang lamtoro arane jendiding
kembang sabrang arane menik
kembang mundu arane mepet
kembang nagka arane babal
kembang nipah arane dongong
kembang pace arane nyreweteh
kembang pandan arane pudak
kembang pete arane pendul
kembang pring arane krosak
kembang salak arane keteker
kembang tales arane pancal
kembang tebu arane gleges
kembang timun arane montro
kembang widara arane rejoso
b) Arane anake satoan
Umpamie :
anake celeng arane banjit, banatantan, genjik
anake bunglon arane bari
anake onta arane basu
anake banyak arane blengur
anake jaran arane belo
anake katel arane benek
anake warak arane besut
anake yuyu arane beyes
anake walangkapa arane blanung
anake kadal arane bobok/tobil
anake waringsang arane bras
anake uler arane cangkling
anake kodok arane cendol, precil
anake kelarap arane cici
anake welang arane cicik
anake tikus arane cindil, cicitek
anake kemangga arane culala
anake trenggiling arane dare
anake kintel arane dawal
anake walura arane dunigal
anake kungkang arane gembur
anake kebo arane gudel
anake jajawi arane handumbak
anake uwa-uwa arane hata
anake bendes arane hegrabuset
anake lamuk arane hemut
anake bulus arane hidik
anake semut arane hipat
anake angge-angge arane hudis
anake sawari arane hutek
anake lelewa arane kahat
anake katunggeng arane kajara, kosna
anake tinggi arane kalanca
anake jangkrik arane kamil, mlondo
anake kraca arane karatanca
anake asu/kirik arane bacili
anake jalarang arane kirpu
anake kukuwangan arane kune
anake kancil arane kurtita, kenti
anake cecek arane kurya, sawiya
anake ula arane kusa
anake buaya arane kuyur
anake kidang arane langgase
anake irengan arane lawana
anake kumbang arane lehut
anake blegadaba arane lemba
anake lemud arane lengut
anake luwak arane lepe
anake kalajengking arane lepet
anake macan arane lepo, gogor
anake uler arane madudani
anake laler arane mamit
anake tawon arane maraba
anake dudu arane mebok
anake beraka arane mengmreng
anake bebek arane meri
anake kutis arane muris
anake susuh arane meres
anake gondang arane pedeng
anake sapi arane pedet
anake asu kikik arane pingkih
anake wedus arane pipidel
anake rase arane pisu
anake kucing arane cemeng
anake ayam arane pitik
anake pukang arane pragu
anake lintah arane pucet
anake menjangan arane pudot, dota, kurusuk
anake kuwuk arane puguh
anake dingdang arane pusur
anake welut arane rewet
anake gasir arane senta
anake lenggarangan arane sudi
anake lena arane suritma
anake cewut arane sutir
anake waliwis arane suwi
anake landak arane suyo
anake ngetul arane ta
anake bibis arane taleb
anake tekek arane tanu
anake manuk arane telep
anake merak arane titik
anake kalong arane walengsa
anake mana arane wedar
anake angkrang arane kroto
anake babi arane gembluk
anake betik arane menter
anake blanak arane senda
anake budeng arane kowe
anake cacing arane lur
anake coro arane mendet
anake dara arane piyik
anake dorang arane tamper
anake emprit arane indil
anake gagak arane engkak
anake gajah arane bledug
anake gangsir arane clondo
anake garangan arane rese
anake garengprung arane drungkuk
anake gemak arane drigul
anake glatik arane cecrekan
anake gundik arane laron
anake iwak arane bayong
anake jangkrik arane dendolo
anake kakap arane caplek
anake kalajengking arane ketupa
anake kancil arane kenti
anake kinjeng arane jentit
anake kemangga arane ceriwi
anake kepik arane mriki
anake ketek arane munyk
anake kimar arane kedah
anake kinjeng arane sanggutru
anake kinjeng dom arane undur-undur
anake kintel arane kentus
anake kodok arane precil
anake kremi arane racek
anake kul, kiyong arane krikik
anake kumbang arane engkuk
anake kunang arane endrak
anake kura arane laos
anake kutuk arane kotesan
anake kwangwung arane gendot
anake laler arane set
anake lamuk arane jentik
anake lawa arane kampret
anake lele arane jabrisan
anake lemud arane uget-uget
anake lintah arane pacet
anake lisan arane beles
anake lodan arane jangkelong
anake lutung arane kenyung
anake luwak arane kuwuk
anake luwing arane gonggo
anake macan arane gogor
anake merak arane uncung
anake nyambik arane slira
anake pe arane genyong
anake pleting arane jalringan
anake sembilang arane lelenger
anake singa arane dibal
anake tambra arane bokol
anake tawon arane gana
anake tekek arane celolo
anake tikus arane cindil
anake tongkol arane cengkik
anake tuma arane kor
anake ula arane kisi
anake urang arane benur
anake wader arane sruwet
anake wagal arane jendil
anake walang arane dogol
anake warak arane plencing
c) Arane wijil
Umpamie :
wijil asem arane klungsu
wijil cipir arane botor
wijil duren arane pongge
wijil kapas arane wuku
wijil kates arane trempos
wijil kluwi arane betem
wijil nangka arane beton
wijil pelem arane pelok
wijil randu arane klenteng
wijil salak arane kentos
wijil sawo arane kecik
wijil semangka arane kuwaci
d) Arane tukang
Umpamie :
tukang sade tumbas kewan arane blantik
tukang sadean maisa arane malang
tukang sadean mas inten arane para
tiyang sade tinumbas motor arane palen
tukang damel mbarang saking kajeng arane undagi
tukang damel mbarang saking kuningan arane gemblak
tukang damel mbarang saking lemah arane kundi
tukang damel mbarang saking tembaga arane sayang
tukang damel mbarang saking wesi arane pande
tukang damel griya arane tukang batu
tukang damel wrangka arane mranggi
tukang damel /ndomdomi sandangan arane kreji
tukang laden (istri) arane pawongan
tukang ngilari sela arane jlagra
tukang damel pepaesan saking mas arane jauhari
tukang mbebedag teng alas arane grema
tukang nabuh gamelan arane nayaga
tukang negori kajeng arane blandong
tukang ngantukaken layang arane palayangan
tukang ngelesi wimala (kreta) arane kusir
tukang nglakokaken wayang arane dalang
tukang ngopeni liman arane srati
tukang ngilari lakue musuh arane pacalang
tukang damel keris arane mpu
tukang damel karya sastra arane pujangga
tukang ngawal raja arane bayangkara
tukang nembang klasik (isti) arane sinden
tukang nembang klasik (jaler) arane waranggana
tukang nembang moderen arane biduaan
e) Arane piranti/panggenan
Umpamie :
panggonan celeng arane sudung
panggonan jaran arane gedogan
panggonan leren grobag arane keplakan
panggonan paksi dara arane pagupon
panggonan paksi glatik arane gowok
panggonan ngandang macan arane krangkeng
panggonan ngandang pitik arane krombong
panggonan nigane sawung arane patarangan
panggonan nyimpen grabah arane paga
panggonan pandita arane padepokan
panggonan tunggu paksi arane gubug
panggonan sawer arane rong
panggonan umah semut arane leng
panggonan landak arane gledeg
panggonan latian drama arane sanggar
piranti sadeyan teng peken arane bango
piranti nigane paksi arane susuh
piranti ngobong gamping arane tobong
piranti ngurung jago arane pranje
piranti nyimpen wos arane pedaringan
piranti sarunge keris arane werangka
piranti wadah bumbu arane pragen
piranti ngobong menyan arane pedupan/ anglo/ keren
piranti wadah ulam loh arane kempis / kembu
piranti wadah jamu arane betekan
piranti wadah jangkrik arane cluntang
piranti wadah paksi arane kurungan
piranti wadah panah arane endong
piranti wadah roko arane slepen
plataran kang wiyar teng ajenge kraton arane alun-alun
tiyang akang damel/nggodog wedang teng tiyang gadah damel/ duwe gawe arane patehan
f) Arane lare utami
Umpamie :
anggana : lare kang gesang kantun setunggal
cukit dulit : gadah lare tiga jaler
dampit : kalih lare (jaler atanapi istri) lair kembar
gotong mayid : gadah tiga lare istri
ipil-ipil : gadah lare gtanagsal istri sekawan jaler setunggal
julung caplok : lare kang lair waktos srengenge surup
julung kembang : lare kang lair waktyos srengene muncul
julung sarap : lare kang lair waktos srengenge bade surup
julung sungsang : lare kang lair waktos jam 12 siyang
kendana-kendini : gadah kalih lare istri lan jaler
kembang sepasang : gadah kalih lare istri
padangan : gadah gangsal lare kang setunggal istri lan sekawan jaler
pancagati : gadah gangsal lare istri
pancuran kapit sendang : gadah tigang lare, istri, jaler, lan istri
pandawa : gadah gangsal lare jaler
saramba : gadah sekawan lare jaler
serimpi : gadah sekawan lare istri
sendang kapit pancuran : gadah tigang lare, jaler, istri, lan jaler
uger-uger lawang : gadah kalih lare jaler
m. Tembung pemanis
Tembung pemanis nggih niku tembung kang gunae kangge negesaken atapi pemanis tembung kang wonten teng ajenge.
Umpamie :
parek njetek
pedes ngoes
dawa ngempla
manis cleng
cendek ngemprek
pait leder
enom njlenom
banjir ngguer
tuwa mblawa
asat nggletak
duwur mentur
lega lugina
endep nggerek
padang linglang
cilik mentik
peteng jimet
gede mere
panas nganter
ciyut ngunprut
biru kecut
seret ndedet
lancip mimis
kendo ngompro
ketul njetul
teles kebes
landep menges-menges
garing tingting
ruwed ngampred
gering aking
lemu jembu
sepi nyanyep
kuning pling
sesek njubel
kebek mulek
deder wader
malang sontang
lempeng nggejes
n. Tembung Kirata
Tembung kirata atanapi jarwa dasa disebat ugi rura basa nggih niku tembung arupi panyindekan saking kalih tembung atanapi langkung kang ditugel-tugel. Anadene kang dipendet punika kecap kang awal atanapi akhire kemawon. Wonten kang nyebat yen kirata basa puniki cumi kinten-kinten mawon atanapi pepantes diluyuaken sareng kawontenae kahanan. Tembung kira-kira wau lajeng direka-reka tegese supados saluyu kaliyan karakteristik atanapi tetenger khas kang wonten teng barang / benda atanapi kegiatan kang dimaksad. Teng selebete basa Indonesia, kirata basa puniki sejajar kaliyan etimologi, nggih niku asal-usule tembung.
Umpamie :
tandur = nata bari mundur
garwa = sigaraning nyawa
dubang = idu sing abang
kerikil = gawe keri ning sikil
singabarong = sing ngarani bareng-bareng
witana = awite ana umah
wedang = gawe kadang
kondangan = kongkon pada mangan
comro = oncom ning jero
gepu = dage karo campu
pusirpani = campu disisir lan diklapani
cipeng = aci sing digepeng-gepeng
cireng = aci kang digoreng
jungjang = sejung lan sekranjang
dongeng = adoh dingaeng-ngaeng
guru = kudu digugu lan ditiru
adang = atur-atur ning kadang
doran = aja adoh karo pangeran
nyupang = nyuda pangan
ringgit = miring kang dianggit
setan = yen dibeset isine ketan
tukmis = batuk kang klimis
lengking = sing kedeleng dicangking
dokmong = ndodok bari ngomong
kakong = mung tungkak karo bokong
gongser = gong sing sepeser
o. Tembung Camboran
Kang dimaksad kaliyan tembung camboran teng basa Cerbon selerese sejajar kaliyan kata majemuk teng basa Indonesia. Wonten kalih kemumkinan teng mangun tembung camboran punika, nggih niku kawangun dening tembung kaliyan cakal tembung atanapi cakal tembung kaliyan cakal tembung.
Wonten ugi tembung camboran kang diwangun antawis tembung kaliyan morfem kang disebat morfem unik. Morfem unik ngrupiaken tembung kang kesanggeman tumempele cumi teng tembung-tembung kang sampun temtos. Artose, morfem unik mboten saged tumempel kaliyan tembung sanese, dados tumempele morfem punika cumi kaliyan morfem kang sampun temtos. Morfem unik punika tugase minangka unsur peneges atanapi pemanais, nggih niku negesaken tembung sederenge.
Umpamie :
ireng geteng
abang mbranang
ijo royo-royo (ijo mbrojo)
adoh melo
parek njetek
Tembung geteng, mbranang, royo-royo, lan melo kelebete wangun tembung kang disebat pokok tembung kang arupi morfem unik. Kang dimaksad morfem unik nggih iku morfem kang mboten saged tumempel kaliyan tembung sanese seliyane ireng, abang, ijo, adoh, lan njetek.
2. Satuan Gramatik Kauger
Satuan gramatik kang mboten saged mangadeg mandiri teng tuturan kang biasa keranten mboten gadah makna punapa-punapa disebate satuan gramatik kauger (morfem terikat). Satuan gramatik kauger punika nembe gadah makna upami satuan gramatik punika sampun tumempel kaliyan satuan gramatik sanese. Kang kalebet teng satuan gramatik kauger punika wonten gangsal golongan, nggih niku :
a. tembung tugas : tembung kang gadah tugas sewang-sewangan saluyu kaliyan kewontenan tembung punika. Anadene kang kalebet teng tembung tugas punika wonten gangsal golongan nggih niku :
(1) konjungsi nggih niku partikel kang diangge kangge nyambungaken tembung kaliyan tembung, frasa kaliyan frasa, klausa kaliyan klausa, ukara kaliyan ukara, atanapi paragraf kaliyan paragraf, umpamie : supados, keranten, nyaniya, kangge, sareng, kaliyan, lan sapanunggalane,
(2) partikel nggih niku tembung kang biasae mboten saged diderivasiaken atanapi diinfleksikaen, gadah makna gramatik, nanging partikel punika mboten gadah makna leksikal, umpamie : en, gah, lah, ge, lan sapanunggalane,
(3) artikel nggih niku tembung sandang kang lumrahe diangge teng ajenge tembung nominal, umpamie : si, sang, hyang, dang, lan sapanunggalane.
(4) preposisi nggih niku tembung kang biasa diangge teng ajenge tembung nomina, umpamie : saking, teng, dumateng, lan sapanunggalane.
(5) interjeksi nggih niku tembung afektif kang ngungkapaken seruan peraosan, tembung seron, umpamie : wah, aduh, asik, tobat, astagfirullahaladziim, lan sapanunggalane.
b. afiks : afiks disebat ugi imbuhan nggih niku bentuk ketalen kang ditambihaken teng tembung dasar atanapi wangun dasar. Kang kalebet teng afiks punika wonten gangsal, nggih niku (1) prefiks atanapi ater-ater, (2) infiks atanapi seselan, (3) sufiks atanapi akhiran, (4) konfiks nggih niku gabungan ater-ater lan akhiran kang waktos tumempele mboten sesarengan selebete ndukung setunggal fungsi, lan (5) simulfiks nggih niku gabungan awalan lan akhiran kang waktos tumempele kangge ndukung setunggal fungsi secara sesarengan.
c. klitika : klitika puniku sanes golongan afiks, mboten saged mangadeg mandiri, lan secara gramatik mboten gadah sipat bebas. Klitika wonten kalih nggih niku proklitik (klitika kang teng ajenge referens) lan enklitik (klitika kang nggene teng pengkere referens).
d. pokok tembung : satuan kang teng tuturan biasa mboten saged mangadeg mandiri, secara gramatik mboten gadah sipat bebas nanging pokok tembung gadah sifat piyambek.
C. Morfem lan Tembung
Kados kang sampun dipertelakaken teng inggil nyaniya tembung punika diwangun dening setunggal morfem atanapi langkung. Morfem nggih niku satuan gramatik kang paling alit kang sampun mboten gadah satuan sanes minangka unsure. Wangun-wangun kados am–, an–, ang–, any–nge–, ny–, m–, lan n– ngrupiaken morf kang sedantene disebat nasalisasi atanapi anuswara (tembung kang gadah swanten ngirung) kang ngrupiaken alomorf saking morfem kauger /aN–/, mekaten ugi wangun pe–, pen–-, pem–-, peny–, peng–, lan penge– disebat nasalisasi atanapi anuswara kang ngrupiaken alomorf saking morfem kauger /peN–/.
1. Pertalian Tembung kaliyan Morfem
Tembung nggih niku satuan bebas paling alit. Unggal satuan bebas ngrupiaken tembung. Tembung punika dumasar saking asale wonten kalih jinis nggih niku tembung lingga (tembung dasar) lan tembung andahan/dadosan/bentukan (kom positumisasi, reduplikasi, lan afiksasi).
2. Bentene Morfem kaliyan Tembung
Morfem kang saged mangadeg mandiri teng tuturan biasa disebate morfem bebas, sedeng wangun bebas kang paling alite punika disebate tembung. Pramilane saged dicendekaken nyaniya morfem bebas punika arupi rerangken, bakal tembung, lan unit-unit sanese kang saged mangun tembung.
3. Prinsip Ngidentifikasi Tembung
Identifikasi tembung punika gadah sifat komplementer. Upami salah setungale prinsip mboten saged dirangkenaken teng setunggal wangun mboten saged diwastani tembung. Anadene prinsip-prinsip ngidentifikasi tembung nggih niku kados teng andap puniki.
a. Tembung ngrupiaken wangun ketatabasaan bebas kang paling alit.
Tembung ngrupiaken wangun ketatabasaan kang paling alit, maksade unggal wangun ketatabasaan sanes lan saged mangadeg mandiri teng tuturan biasa disebate tembung, umpamie umah, paumahan, umah-umah (rumah tangga), ngrupikaken wangun bebas paling alit
b. Tembung arupi wangun basa kang gadah adegan (struktur) fonologis lan adegan semantis.
Tembung diwuwus gadah adegan fonologis keranten tembung punika diwangun dening setunggal kecap (suku kata) atanapi langkung, unggal kecap diwangun dening setunggal fonem atanapi langkung. Umpamie tembung umah diwangun dening kalih kecap nggih niku kecap u lan mah. Kecap /u/ diwangun dening setunggal fonem, sedeng kecap mah diwangun dening tigang fonem, nggih niku /m, a, h/. Sanese punika, tembung umah ugi gadah adegan semantik atanapi makna.
c. Tembung arupi wangun basa kang gadah stabilitas fonologis kang angger.
Stabilitas fonologis raket petaliane kaliyan adegan batin kang arupi kekonstanan. Morfologis atanapi tembung raket pertaliane kaliyan urutan fonem kalebet morfem kang dados pangwangune. Urutan fonem kaliyan morfem teng tembung punika selamie matok nurutaken kaidah. Robihe urutan unsur-unsure punika ngrobih identitas tembung. Umpamie tembung kucing mboten saged robih urutane dados cikung, ngicuk, cuking, kicung, ngucik, atanapi sanese lantaran makna kang digadahi punika saged robih, malah saged ical pisan
Tembung ngrupiaken wangun ketatabasaan kang gadah mobilitas sintagmatis, nggih niku (1) saged dipisahaken atanapi dialih template, (2) saged ditukeraken template, (3) saged disubstitusiaken, lan (4) saged mangadeg mandiri teng tuturan. Supados langkung pertela nyaniya tembung punika gadah mobilitas sintagmatik katut persipatane, teng andap puniki dimajengaken contoh-contohe.
1) Tembung saged dipisahaken atanapi dialihaken template
Umpamie :
Fachri arep dolan ning Bandung sukiki.
Sukiki Fachri arep dolan ning Bandung.
Fachri sukiki arep dolan ning Bandung.
2) Tembung saged ditukeraken template
Umpamie :
Rabie duwe telu.
Duwe telu rabie.
3) Tembung saged disuluraken atanapi disubstitusiaken
Umpamie :
Aqshal mangan apel.
Aqshal tuku apel
Aqshal njokot apel
Aqshal ngonceki apel
Aqshal mbuwang apel.
4) Tembung saged mangadeg mandiri teng tuturan
Umpamie :
Nabila?
Ndodok!
Pegagan Kidul.
D. Deretan Morfologik
Deretan morfologik nggih niku setunggale deretan atanapi daftar kang isie ngemot tembung-tembung kang gadah hubungan teng selebete wangun lan maknae. Deret morfologik punika miguna kangge nemtosaken morfem-morfem kaliyan cara mbandingaken antawis setungal tembung kaliyan tembung sanese teng setunggale deret morfologis.
Umpamie :
ketebihan, nebihi, nebihaken, ditebihi, ditebihaken, katebihaken, lan tebih. punika gadah deret morfologis kang sami keranten asale saking setunggal tembung kang sami nggih niku saking tembung tebih.
Tembung lantar cumi gadah setunggal morfem senajan seliyane tembung kalantar wonten tembung lantaran, nanging kekalihe secara deskriptif cumi gadah tetalenan wangun, mboten wonten tetalenan artos atanapi tetalenan makna.
E. Wangun Asal lan Wangun Dasar
Wangun asal nggih niku wangun paling alit kang dados asal setunggale wangun kompleks. Wangun asal tansah arupi wangun tunggal.
Umpamie :
Wangun tembung bebarengan winangun saking tembung bareng minangka wangun asal + sufiks –an + dwipurwa be–. Artose, morfem –an langkung rumiyin tumempel teng tembung bareng dados barengan disusul kaliyan dwipurwa be– dados bebarengan.
Wangun dasar nggih niku wangun tunggal atanapi wangun kompleks kang dados dasar kangge wangunan kangge ijenan kang langkung ageng.
Umpamie :
wangun tembung bebarengan asale saking wangun dasar barengan + prefiks be–.
F. Proses Morfologis
Proses morfologis nggih niku proses pembentukan tembung-tembung saking satuan sanes kang ngrupiaken wangun dasare. Wangun dasar punika saged arupi tembung (aN– + gergaji = nggergaji), pokok tembung (ke– + temu = ketemu), frasa (ke– + boten adil + –an = kebotenadilan), tembung + tembung (tiyang sepuh), tembung + pokok tembung (pasukan tempur) pokok tembung + pokok tembung (lomba joged).
Proses morfologis puniku wonten tigang cara, nggih niku afiksasi, reduplikasi, lan kompositumisasi. Afiksasi nggih niku proses pembentukan tembung kaliyan cara nambihaken atanapi mbubuhaken bubuhan tembung-tembung kang disebat afiks. Asil saking proses afiksasi disebate tembung andahan (kata berimbuhan). Kang disebat reduplikasi nggih niku proses pembentukan tembung kaliyan cara ngulang wangun dasare. Tembung kang diwangun saking proses reduplikasi disebate tembung saroja (kata ulang). Sedeng kang disebat kompositumisasi nggih niku proses pembentukan tembung kaliyan cara nggabungaken kalih tembung. Tembung kang diasilaken saking proses kompositumisasi disebate tembung camboran (kata majemuk).
1. Afiks (imbuhan)
Afiks ngrupiaken satuan gramatik tinalen (kaiket) kang teng setunggale tembung ngrupiaken unsur kang sanes tembung, ugi sanes cakal tembung (pokok tembung), nanging gadah kesanggeman kangge tumempel kaliyan ijenan-ijenan (satuan-satuan) sanese kang mangun tembung atanapi pokok tembung kang enggal. Tumempele afiks punika wonten kang ngrobih golongan tembung, wonten ugi kang mboten ngrobih golongan tembung.
a. Wangun-wangun Afiks
Afiks wonten gangsal katahe, nggih niku prefiks (ater-ater), infiks (seselan), sufiks (akhiran), konfiks, lan simulfiks.
1) Prefiks (ater-ater)
Prefiks disebat ugi ater-ater atanapi awalan nggih niku imbuhan kang ditempataken atanapi wontene teng ajenge tembung atanapi wangun dasar.
Umpamie :
a– + klambi –> aklambi
aN– + dodok –> andodok –> ndodok
aN– + bangkol –> ambangkol –> mbangkol
aN– + garet –> anggaret –> nggaret
aN– + coret –> anyoret –> nyoret
di– + tabok –> ditabok
ka– + slumud –> kaslumud
ke– + bakar –> kebakar
Prefiks asli basa Cerbon nggih niku a– , aN– (an–, am–, ang–, ange–, any–) di–, ke–, ka–, peN–, se–, adi–, kuma–, kapi–, kami–, pi–, swa–, para–, lan maha–.
Umpamie :
a– + susila –> asusila
aN– + bangkol –> ambangkol –> mbangkol
aN– + duduk –> anduduk –> nduduk
aN– + garis –> anggaris –> nggaris
aN– + cacak –> anyacak –> nyacak
aN– + tik –> angetik –> ngetik
di– + titir –> dititir
ke– + pacul –> kepacul
ka– + gawa –> kagawa
pe– + maen –> pemaen
peN– + gong –> pengegong
peng– + asut –> pengasut
se– + buntel –> sebuntel
adi– + guna –> adiguna
kuma– + wani –> kumawani
kapi– + asem –> kapiasem
kami– + sosol –> kamisosol
pi– + tuduh –> pituduh
swa– + daya –> swadaya
para– + kapendem –> parakapendem
maha– + patih –> mahapatih
2) Infiks (seselan)
Infiks disebat ugi sisipan atanapi seselan nggih niku morfem kang diseselaken teng tengah-tengah setunggale tembung lingga kang umume arupi tembung kriya. Maceme seselan punika nggih niku –in–, –um–, –em–, –er–, lan –el–.
Umpamie :
–in– + sambung –> sinambung
–um– + gantung –> gumantung
–em– + grudug –> gemrudug
–el– + gebyar –> gelebyar
–er– + gigi –> gerigi
3) Sufiks (akiran)
Sufiks disebat ugi akhiran nggih niku morfem kang ditambihaken teng pengkere tembung dasar. Morfem akhiran punika –an, –en, –aken, –kenang, –enang, –nana, –ana, –e, –a, –i, lan –kaken.
Umpamie :
dolan + –an –> dolanan
gawa + –en –> gawaen
pilih + –aken –> pilihaken
dawa + –kenang –> dawakenang
duwur + –enang –> duwurenang
suka + –nana –> sukanana
pijet + –ana –> pijetana
tuku + –kaken –> tukokaken
buku + –e –> bukue
siram + –i –> sirami
mene + –a –> menea
4) Konfiks
Konfiks nggih niku gabungan ater-ater kaliyan akhiran kang tumempele teng morfem kangge sesarengan ndukung atanapi nyokong setunggale fungsi mboten secara sesarengan teng waktos kang sami. Morfem aN– + –aken tumempele teng tembung ngrungokaken (teng kaidah morfologis, upami tembung punika dipungkes kaliyan deret fonem vokal /u/ ditambih kaliyan sufiks –kaken, maka deret vokal /ua/ robih dados /oka/ puniku mboten secara sesarengan, keranten wangun dasare punika rungokaken, atanapi saged ugi tembung asale saking tembung ngrungu ditambih kaliyan sufiks –kaken). Anadene prosese nggih niku wangun asal rungu + –kaken dados rungokaken. Tembung rungokaken punika disukani ater-ater aN– dados ngrungokaken. Atanapi prosese kados puniki wangun asal rungu + –aN dados ngrungu. Tembung ngrungu punika disukani akhiran –kaken dados ngrungokaken.
5) Simulfiks
Simulfiks nggih niku gabungan prefiks kaliyan sufiks kang tumempele teng tembung asal secara sesarengan kangge sesarengan ndukung atanapi nyokong setunggal fungsi. Umpamie morfem ke–an kang tumempele secara sesarengan teng tembung kelakuan, kedinginan, keberatan, lan sapanunggalane. Morfem ke–an punika tumempele sacara sesarengan teng tembung laku, dingin, lan berat, keranten teng tuturan sedinten-dinten mboten wonten tembung lakuan, dinginan, lan beratan atanapi kelaku, kedingin, lan keberat.
6) Afiks Basa Asing
Seliyane afiks asli basa Cerbon, afiks ugi wonten kang asale saking basa asing. Kang dimaksaad sareng afiks saking basa asing punika afiks kang asale sanes saking basa Cerbone piyambek. Kang kalebet teng wangun afiks asing punika kados pra–, a–, –wan, –wati, –is, –man, –wi, –in, –at, –if, –al, –or, –ik, –us, –sasi, –asi, –itas, lan im–, kados dene teng tembung-tembung prasejarah, asusila, olahragawan, sukarelawati, sosialis, seniman, maknawi, muslimin, muslimat, sportif, musikal, provokator, heroik, pilitikus, afiksasi, inisiasi, produktivitas, lan immaterial, mboten saged digolongaken teng jenis afiks keranten dereng saged medal saking lingkungane. Maksade, afiks punika dereng sanggem tumempel teng satuan sanese kang asale sanes saking basa aslie.
b. Golongan Afiks
Dumasar saking produktivitase, afiks saged digolongaken dados kalih golongan, nggih niku :
1) afiks produktif : afiks kang gesang (afiks kang asring lan maksih dipigunakaken), nggih niku afiks kang gadah kesanggeman kangge nempel teng tembung-tembung atanapi morfem-morfem kados saking distribusie.
2) afiks improduktif : afiks kang sampun mboten dipigunakaken (usang) nggih niku afiks kang distribusi atanapi penyebarane dahat kawates cumi teng tembung-tembung kang mboten mangun tembung-tembung enggal. Contoh afiks improduktif kados pra–, a–, –wan, –wati, –is, –man, –wi, in–, –at, –if, –al, –or, –ik, –us, –sasi, –asi, –itas, im–, –da, –el–, –em–, lan –er-.
2. Reduplikasi
Reduplikasi atanapi proses pengulangan tembung nggih niku ngulang-ngulang satuan gramatik, sedanten atanapi sebagian, kaliyan variasi fonem atanapi mboten kaliyan variasi fonem. Asil saking proses puniki disebate tembung ulang atanapi tembung saroja, sedeng satuan kang diulang-ulang punika ngrupiaken wangun dasar.
Sia-sia, alun-alun, gradag-grudug, bolak-balik, morat-marit, anggah-ungguh, lan sapanunggalane teng tinjauan deskriptif mboten saged digolongaken teng tembung ulang keranten selerese mboten wonten satuan kang diulang. Sedeng secara historis komparatif mumkin kemawon tembung-tembung punika saged dilebetaken teng golongan tembung ulang. Proses pengulangan wonten kang ngrobih golongan tembung wonten ugi kang mboten ngrobih golongan tembung.
Proses pengulangan kang ngrobih golongan tembung nominal dados tembung kriya.
Umpamie :
karang-kumarang
ganti-gumanti
totok-tinotok
warna-winarna
dulang-dinulang
Proses pengulangan kang ngrobih golongan tembung keterangan saking tembung sipat,
Umpamie :
santer (tembung sifat) –> sesanter-santere (tembung keterangan)
katah (tembung sifat) –> sekatah-katahe (tembung keterangan)
wekel (tembung sifat) –> sewekel-wekele (tembung keterangan)
pragat (tembung sifat) –> sepragat-pragate (tembung keterangan)
Proses pengulangan kang mboten ngrobih golongan tembung,
Umpamie :
enggal (tembung sifat) –> enggal-enggal (tembung sifat)
gendeng (tembung nominal) –> gendeng-gendeng (tembung nominal)
kalih (tembung wilangan) –> kalih-kalih (tembung wilangan)
a. Macem-macem Wangun Pengulangan
Dumasar teng bentuk dasare, pengulangan digolongaken dados sekawan jinis nggih niku :
1) Pengulangan sedanten (dwilingga)
Pengulangan sedanten nggih niku pengulangan sedanten wangun dasar tanpa wontene perobihan fonem atanapi aksara lan mboten ngombinasi kaliyan proses pengimbuhan afiks.
Umpamie :
kucing –> kucing-kucing
kitab –> kitab-kitab
kebagusan –> kebagusan-kebagusan
umah –> umah-umah
2) Pengulangan sebagian
Pengulangan sebagian nggih niku pengulangan sebagian wangun dasar. Sedanten wangun dasar umume teng proses pengulangan puniki arupi wangun kompleks. Kang arupi wangun tunggal cumi tetamu, tetanen, lan segala-gala. Pengulangan sebagian puniki kaperang dados kalih bagian nggih niku pengulangan kecap awal atanapi dwipurwa lan pengulangan kecap akhir atanapi dwiwusana.
a) dwipurwa
Dwipurwa nggih niku pengulangan sebagian tembung lingga. Anadene kang diulang punika cumi bagian kecap awale kemawon.
Umpamie :
pada-pada –> pepada
sami-sami –> sesami
brayan-brayan –> bebrayan
coba-coba –> cecoba
tamu-tamu –> tetamu
ganti-ganti –> geganti
dalan-dalan –> dedalan
tali-tali –> tetali
b) dwiwusana
Dwiwusana nggih niku pengulangan sebagian tembung lingga bagian kecap akire kemawon.
Umpamie :
kelar –> kelarlar –> kelalar
keter –> keterter –> keteter
katon –> katonton
digundul –> digundulndul
mecu –> mecucu
dedom –> dedomdom
kelep –> keleplep –> kelelep
Upami wangun dasar punika arupi wangun andahan (tembung dadosan/kata jadian), maka kemumkinane nggih niku ;
a) wangun aN–
umpamie :
ambabak –> ambabak-babak –> mbabak-babak
angutil –> angutil-util –> ngutil-util
anjagal –> anjagal-jagal –> njagal-jagal
andudut --> andudut-dudut –> ndudut-dudut
anggejog –> anggejog-gejog –> ngejog-gejog
anyacak –> anyacak-nyacak –> nyacak-nyacak
angecor –> angecor-ngecor –> ngecor-ngecor
b) wangun di–
umpamie :
dibanting --> dibanting-banting
ditotokaken –> ditotok-totokaken
diberesi –> diberes-beresi
diseselaken –> disesel-seselaken
diunjukaken –> diunjuk-unjukaken
ditetegaken –> diteteg-tetegaken
ditutugaken –> ditutug-tutugaken
diinggiraken –> diinggir-inggiraken
c) wangun ka–
umpamie :
kadungsuk –> kadungsuk-dungsuk
kapentog –> kapentog-pentog
kageleng –> kageleng-geleng
kaplarak –> kaplarak-plarak
kablangsak –> kablangsak-blangsak
kasered –> kasered-sered
kakecus –> kakecus-kecus
kaburu –> kaburu-buru
d) wangun ke–
umpamie :
kegawa –> kegawa-gawa
ketugel –> ketugel-tugel
keplintir –> keplintir-plintir
kecocog –> kecocog-cocog
kesasar –> kesasar-sasar
e) wangun –an
umpamie :
inuman –> inum-inuman
panganan –> pangan-panganan
wiwitan –> wiwit-wiwitan
balapan –> balap-balapan
dolanan –> dolan-dolanan
bangunan –> bangunan-bangunan
f) wangun –aken
umpamie :
tugelaken –> tugel-tugelaken
irisaken –> iris-irisaken
unjukaken --> unjuk-unjukaken
pentungaken –> pentung-pentunaken
blarataken –> blarat-blarataken
penekaken –> penek-penekaken
pinggiraken –> pinggir-pinggiraken
sebaraken –> sebar-sebaraken
tengahaken –> tengah-tengahaken
3) Pengulangan kombinasi kaliyan proses pengimbuhan afiks
Teng wangun puniki wangun dasar diulang sedanten lan ngombinasi kaliyan proses pengimbuhan afiks. Maksade, pengulangan punika kedadosane sareng kaliyan pengimbuhan afiks lan sareng-sareng ndukung setunggale fungsi.
Umpamie :
abrit –> keabrit-abritan
wungu –> kewungu-wunguan
katah –> sekatah-katahe
pisah –> pepisah-pisahan
4) Pengulangan kaliyan perobihan fonem
Pengulangan kang mekaten puniki selerese secara komparatif boten wonten ijenan (satuan) kang diulang nanging secara historis kalebet teng wangun ulang. Pengulangan kados mekaten disebate disonansi.
Umpamie :
warna –> warna-warni
sruntul –> srantal-sruntrul
glundung –> glandang-glundung
catik –> cotak-catik
balik –> bolak-balik
b. Makna Pengulangan
Makna kang digadahi dening wontene proses pengulangan nggih niku :
1) Nyatakaken makna ‘katah kang gadah hubungan kaliyan kang disebat wangun dasar’.
Umpamie :
raja-raja –> katah raja
kucing-kucing –> katah kucing
maisa-maisa –> katah maisa
2) Nyatakaken makna ‘katah kang mboten wonten hubungane kaliyan bentuk dasar nanging kaliyan tembung kang diterangaken. Teng tataran frasa, tembung kang diterangaken nempati fungsi unsure pusat lan teng tataran klausa nempati fungsi subjek.
Umpamie :
pinter-pinter --> pada pinter
subur-subur –> pada subur
mriyud-mriyud --> pada mriyud
santer-santer –> pada santer
3) Nyatakaken makna ‘tanpa syarat’.
Umpamie :
Masih pentil-pentil dipeteli.
Teka ning balung-balung dicokoti.
Weruh yen pelem iku masih enom-enom keburu diunduh.
4) Nyatakaken makna ‘nyrupai punapa kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
mobil-mobilan –> nyrupai mobil
umah-umahan –> nyrupai umah
jaran-jaranan –> nyrupai jaran
5) Nyatakaken makna ‘tindakan atanapi paripolah kang disebat teng wangun dasar punika dilakokaken secara umulang-ulang’.
Umpamie :
njerit-njerit –> njerit secara umulang-ulang
nggiring-nggiring –> ngiring secara umulang-ulang
ngiris-ngiris –> ngiris secara umulang-ulang
6) Nyatakaken makna ‘hal kang disebataken teng wangun dasar punika dilampahaken kelawan seecae piyambek, rileks, santé, atanapi sesenenge’.
Umpamie :
Aja glalang-gleleng bae.
Deweke ndodok-ndodok ning blandongan mbari udud.
Aja blagar-bleger bae, mbokat kesambet!
7) Nyatakaken makna ‘hal kang disebat teng wangun dasar punika dilampahaken dening kalih pihak’.
Umpamie :
tabok-tinabok –> silih nabok
singkir-sumingkir –> silih nyingkir
surung-sinurung –> silih nyurung
gilir-gumilir –> silih nggilir
pasurung-surung –> silih nyurung
8) Nyatakaken makna ‘hal kang gadah hubungan kaliyan pedamelan kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
citak-cinitak –> hal nyitak
tugel-tinugel –> hal nugel
ganti-gumanti –> hal ngganti
karang-kumarang –> hal ngarang
9) Nyatakaken makna ‘rada’.
Umpamie :
keijem-ijeman –> rada ijem
kepetak-petakan –> rada petak
keabrit-abritan –> rada abrit
kekuking-kuningan –> rada kuning
10) Nyatakaken makna ‘tingkat paling inggil kang saged diasilaken’.
Umpamie :
sekebek-kebeke
sekatah-katahe
sesanter-santere
11) Nyatakaken makna ‘intensitas peraosan’.
Umpamie :
mbeda-bedakaken
nyami-nyamikaken
ngajeng-ngajengaken
c. Mbentenaken Wangun Dasar Tembung Seroja
Kangge nemtosaken tembung seroja, perlu merhatekaken hal-hal kados teng andap puniki.
1) Pengulangan umume mboten ngrobih golongan tembung.
Wangun-wangun tembung seroja kang kelebet teng golongan tembung nominal arupi tembung nominal, wangun dasar teng golongan verbal (tembung kriya kaliyan tembung sipat) arupi tembung verbal, lan wangun dasar kangge tembung seroja kang kelebet teng golongan tembung wilangan arupi tembung wilangan.
Umpamie :
gunung-gunung (tembung nominal) bentuk dasare gunung (tembung nominal)
enggal-enggal (tembung sipat) bentuk dasare enggal (tembung sipat)
ngomong-ngomong (tembung kriya) bentuk dasare ngomong (tembung kriya)
sedasah-sedasah (tembung wilangan) bentuk dasare sedasah (tembung wilangan).
2) Wangun dasar tansah arupi ijenan kang wonten teng penggunaan basa.
Umpamie :
meralon-alonaken wangun dasare meralonaken
mersami-samikaken wangun dasare mersamikaken
mertahan-tahanaken wangun dasare mertahanaken
3. Kompositumisasi
Kompositumisasi atanapi pamajemukan nggih niku proses penggabungan kalih tembung kang ngasilaken makna kang benten kaliyan kalih tembung punika. Anadene tembung kang diasilaken saking proses pencamboran nggih niku tembung camboran (teng basa Indonesia disebat kata majemuk). Asil saking setunggale penelitian kang dilakuaken dening linguis (ahli basa) nuduhaken yen ijenan kang kawangun saking tembung nomina (tembung barang/ kata benda) sareng tembung sifat gadah kalih kemumkinan.
a) Pertami, ijenan (satuan) punika ngrupiaken klausa, nggih niku ijenan gramatik kang kawangun saking wontene predikat (cirie kaliyan tembung kriya), boh dikintil kaliyan subjek, objek, keterangan atanapi mboten dikintil dening subjek, objek, atanapi keterangan.
b) Kaping kalih, ijenan punika ngrupiaken frasa kang kelebet teng tipe konstruksi endosentris atributif, nggih niku frasa kang kawangun saking unsur kang mboten setara atanapi sederajat atanapi tetingkatan.
Umpamie :
kursi males
adie males
Upami kursi males punika ngrupiaken klausa, temtos mawon tembung kursi punika saged dikintil kaliyan tembung puniki/punika/puniku daos kursi puniki/ punika/ puniku males. Tembung males ugi kedah saged dikrihini kaliyan tembung rada atanapi mboten atanapi tembung gradatif sanese dados kursi punika rada males atanapi kursi punika mboten males. Jelas hal teng inggil punika setunggale hal kang mboten mumkin dumados. Benten kaliyan wangun adi males kang diantawis kalih tembung punika saged diseseli kaliyan tembung puniki/puniku/punika atanapi rada lan mboten dados adi puniki males, adi puniku rada males, adi punika mboten males.
Upami kursi males punika ngrupiaken frasa temtos kemawon saged diseseli kaliyan tembung kang, dados kursi kang males. Jelas hal punika setunggale hal kang mboten mumkin. Benten kaliyan wangun adi males kang diantawis kalih tembung punika saged diseseli kaliyan tembung kang dados adi puniki kang males. Saking tetelan punika, wangun kursi males mboten kalebet teng wangun klausa atanapi frasa nanging wangun kursi males punika kalebet teng wangun tembung majemuk atanapi tembung camboran.
a. Tetenger Tembung Camboran
1) Salah setunggal atanapi sedantene unsur pangwangun tembung camboran punika ngrupiaken pokok tembung. Pramila punika, unggal gabungan kaliyan pokok tembung kalebet teng jinis tembung camboran. Tembung camboran kang mengadege saking unsur tembung kaliyan pokok tembung umpamie kolam renang, lomba lari, kamer kerja, lan sapanunggalane. Tembung camboran kang megadege saking unsur tembung pokok kaliyan tembung pokok kados dene matur nuwun, lomba masak, dol tinuku, tanggung jawab, lan sapanunggalane.
2) Unsur-unsur pangwangun tembung camboran punika mboten saged dipisah-pisahaken atanapi dipetal-petalaken, lan mboten mumkin dirobih strukture.
Umpamie :
kamer siram
tiyang siram
Teng tembung kamer siram, mboten saged diseseli kaliyan tembung punika/ puniki/puniku dados kamer punika/puniki/puniku siram. Sedeng teng tembung tiyang siram saged diseseli dados tiyang siweg siram atanapi, tiyang bade siram, tiyang punika sampun siram, atanapi tiyang punika dereng siram.
Tembung tangan tengen teng klausa piyambeke dados tangan tengene Bupati Cerbon, ngrupiaken tembung camboran keranten antawis unsur tangan kaliyan tengen punika mboten saged dipisah-pisahaken. Sedeng teng klausa tangan tengene buntung kenang mesin, sanes arupi tembung camboran keranten antawis unsur tangan kaliyan tengene saged dipisahaken sareng tembung kang dados tangan kang tengene buntung kenang mesin.
b. Tembung Camboran kaliyan Unsur kang Arupi Morfem Unik
Morfem unik nggih niku morfem kang kesanggeman kangge tumempele atanapi kombinasie cumi sareng setungal ijenan atanapi tembung kang sampun temtos. Umpamie, tembung peteng njimet. Tembung peteng sanes ngrupiaken morfem unik keranten seliyane tembung peteng njimet ugi wonten tembung pepetengan, kepetengen, metengaken, metengi, dipetengi, dipetengaken, petengana, petengaken. Sedeng tembung njimet mboten sanggem dikombinasiaken kaliyan tembung kang sanes, sanese kaliyan tembung peteng. Dados, kang kelebet teng jenis morfem unik punika morfem njimet. Contoh sanese kados padang linglang, ciut ngumprut, cilik mentik, gering aking, lemu jembu, sepi nyanyep, kuning pling, sesek njubel, kebek mulek, abang mbranang, putih ngicis, ireng geteng, iji mboro (royo-royo)lan sapanunggalane.
G. Proses Morfofonemik
Morfofonemik mlajari perobihan-perobihan fonem atanapi aksara kang timbul minangka akibat papanggihan setunggal morfem kaliyan morfem kang sanese. Umpamie morfem aN– upami kepanggih kaliyan morfem ajar ngasilaken tembung anuswara angajar. Morfem aN– kepanggih kaliyan morfem bantu ngasilaken tembung anuswara ambantu. Morfem ke–an kepanggih kaliyan morfem raja ngasilaken tembung keraja?an kaliyan wontene perobihan /?/. Morfem di–aken upami kepanggih kaliyan morfem tuku ngasilaken tembung ditukokaken.
Proses morfofonemik punika secara garis ageng wonten tigang macem, nggih niku proses perobihan fonem, proses penambihan fonem, lan proses pengirangan fonem.
1. Proses Perobihan Fonem
a. Fonem N– teng morfem aN– lan peN– robih dados fonem /m/ upami wangun dasare gadah kawitan sareng fonem /p, b, f, w,/ p lan w ical.
Umpamie :
aN– + paksa –> amaksa –> maksa
peN– + paksa –> pemaksa
aN– + bantu –> ambantu –> mbantu
peN– + bantu –> pembantu
aN– + fitnah –> amitnah –> mitnah
peN– + fitnah –> pemitnah
aN– + wara –> amara –> mara
peN– + wara –> pemara
b. Fonem N– teng morfem aN– lan peN– + robih dados fonem /n/ upami wangun dasare gadah kawitan sareng fonem /d, j, t,/ t ical.
Umpamie
aN– + dalang –> andalang –> ndalang
peN– + dalang –> pendalang
aN– + jajal –> anjajal –> njajal
peN– + jajal –> penjajal
aN– + tumbas –> anumbas –> numbas
peN– + tumbas –> penumbas
c. Fonem N– teng morfem aN– lan peN– robih dados /ng/ upami wangun dasare gadah kawitan sareng fonem /k, g, h, r, lan aksara wilanjana/ k, lan h, ical.
Umpamie :
aN– + kemplang –> angemplang –> ngemplang
peN– + kemplang –> pengemplang
aN–+ garis –> anggaris –> nggaris
peN– + garis –> penggaris
aN– + huni –> anguni –> nguni
peN– + huni –> penguin
aN– + rasa –> angrasa –> ngrasa
peN – + rasa –> pengrasa
aN– + asuh –> angasuh –> ngasuh
peN – + asuh –> pengasuh
aN– + ina –> angina –> ngina
peN – + ina –> pengina
aN– + urut –> angurut –> ngurut
peN – + urut –> pengurut
aN– + eblek –> angeblek –> ngeblek
peN – + eblek –> pengeblek
aN– + ojeg –> angojeg –> ngojeg
peN – + ojeg –> pengojeg
d. Fonem N– teng morfem aN– lan peN– robih dados /ny/ upami wangun dasare gadah kawitan sareng fonem /s, c/, s ical.
Umpamie
N– + sapu –> anyapu –> nyapu
peN – + sapu –> penyapu
aN– + cocog –> anyocog –> nyocog
peN – + cocog –> penyocog
e. Fonem N– teng morfem N– lan peN– teng tembung kang gadah setunggal kecap robih dados /nge/.
Umpamie
aN– + bom --> angebom –> ngebom
peN – + bom –> pengebom
aN– + cet –> angecet –> ngecet
peN – + cet –> pengecet
aN– + cor –> angecor –> ngecor
peN – + cor –> pengecor
aN– +bor –> angebor –> ngebor
peN – + bor –> pengebor
aN– + tik –> angetik –> ngetik
peN– + tik –> pengetik
aN– + cap –> angecap –> ngecap
peN– + cap –> pengecap
aN– + sop –> angesop –> ngesop
peN – + sop –> pengesop
aN– + pos –> angepos –> ngepos
peN – + pos –> pengepos
f. Deret fonem /aa/ robih dados /a/ teng tembung andahan arupi afiksasi kaliyan sufiks –an.
Umpamie :
gawaan –> gawan
kejayaan –> kejayan
bebasaan –> bebasan
karekasaan –> karekasan
kemenusaan –> kemenusan
g. Deret fonem /oe/ robih dados /o/ teng tembung andahan arupi afiksasi kaliyan sufiks–en.
Umpamie :
kajeroen –> kajeron
kadoen –> kadon
h. Deret fonem /ue/ robih dados /o/ teng tembung andahan arupi afiksasi kaliyan sufiks–en.
Umpamie :
kedaluen –> kedalon
kemajuen –> kemajon
kedanguen –> kedangon
i. Deret fonem /au/ robih dados /o/ teng tembung andahan arupi afiksasi kaliyan prefiks ka–.
Umpamie :
kaulu –> kolu
kaujur –> kojur
kaudag –> kodag
j. Deret fonem /ua/ robih dados /o/ teng tembung andahan arupi afiksasi kaliyan –an, –ana, lan –aken.
Umpamie :
katuruan –> katuron
turuana –> turonana
turuaken –> turokaken
kelakuan –> kelakon
lakuana –> lakonana
peturuan –> peturon
pawuan –> pawon
pasamuan –> pasamon
tukuaken –> tukokaken
tukuana –> tukonana
temuaken –> temokaken
temuana –> temonana
seruaken –> serokaken
seruana –> seronana
k. Deret fonem /ia/ robih dados /e/ teng tembung andahan arupi afiksasi kaliyan sufiks –an lan –ana.
Umpamie :
sajian –> sajen
sajiana –> sajenana
ajian –> kajen
kajiana --> kajenana
kalian –> kalen
perapuan –> perapen
balian –> balen
baliana –> balenana
seruana –> seronana
sapuana –> saponana
l. Deret fonem /i/ robih dados /e/ teng tembung andahan arupi afiksasi kaliyan sufiks –aken.
Umpamie :
balikaken –> balekaken
tangiaken –> tangekaken
kariaken –> karekaken
dadiaken –> dadekaken
sajiaken –> sajekaken
2. Proses Penambihan Fonem
Akibat pepanggihan morfem –an, ke–an, atanapi peN–an kaliyan wangun dasar saged dados perobihan fonem /?/ upami wangun dasar punika gadah akhiran wilanjana /a/, penambihan /w/ upami wangun dasar gadah akhiran wilanjana /u, o, aw/ lan wonten penambihan /y/ upami wangun dasar gadah akiran /i, e, ay/.
Umpamie
–an + kerja –> kerja?an
ke–an + raja –> keraja?an
peN–an + rasa –> perasa?an
–an + dau –> dauwan
–an + aso –> asowan
ke–an + pulo –> kepulowan
peN–an + satu –> persatuwan
–an + kari –> kariyan
ke–an + mati –> kematiyan
peN–an + gaji –> penggajiyan
–an + mente –> menteyan
ke–an + gede –> kegedeyan
peN–an + gede –> penggedeyan
3. Proses Pengicalan Fonem
Proses icale fonem /N/ teng aN– lan peN– saged dumados minangka akibat pepanggihan morfem aN– lan peN– kaliyan bentuk dasar kang gadah kawitan /r, l, w, lan nasal/.
Umpamie
aN– + ramal –> angramal - -> ngramal
peN– + ramal –> peramal
aN– + lapor –> anglapor –> nglapor
peN– + lapor –> pelapor
aN– + waris –> amaris –> maris
peN– + waris –> pewaris
Proses icale fonem /p, t, s, k/ teng awal morfem saged dumados minangka akibat pepanggihan morfem N– lan peN– kaliyan bentuk dasar kang gadah kawitan sami kaliyan morfem punika (p, t, s, k).
Umpamie
aN– + paksa –> amaksa –> maksa
peN– + paksa –> pemaksa
aN– + tulis –> anulis –> nulis
peN– + tulis –> penulis
aN– + sapu –> anyapu –> nyapu
peN– + sapu –> penyapu
aN– + karang –> angarang –> ngarang
peN– + karang –> pengarang
H. Gejala Morfofonemik
Kang dimaksad kaliyan gejala morfofonemik nggih niku gejala perobihan fonem kang dumados selebete tembung antawis tembung kang lami kang kelebet teng tembung arkais (tembung lami kang sampun mboten diangge) kaliyan tembung kang enggal kang siweg dipigunakaken. Gejala morfofonemik punika secara umum saged dibagi dados tigang bagian ageng, nggih niku perobihan fonem, kontraksi, lan metatesis.
1. Perobihan Fonem
Gejala perobihan fonem ngrupiaken setunggale gajala kang wonten teng basa kang saged dikelompokaken dados kalih bagian ageng, nggih niku penambihan fonem lan pengicalan fonem.
a. Penambihan fonem
Gejala penambihan fonem saged dibentenaken dados tigang jenis, nggih niku proteseis, epentesis, lan paragog.
1) Protesis
Protesis nggih niku gejala perobihan tembung arupi penambihan fonem teng ajenge tembung.
Umpamie :
mas –> emas
lang –> elang
sa –> esa
stri –> istri
stana --> istana
jati –> sejati
luk –> keluk
luat –> jeluat
bang –> abang
2) Epentesis
Epentesis nggih niku gejala perobihan tembung arupi penambihan fonem teng tengahe tembung.
Umpamie :
kapak –> kampak
sajak –> sanjak
sebarang –> sembarang
peduli –> perduli
wruh –> weruh
makin –> mangkin
3) Paragog
Paragog nggih niku gejala perobihan tembung arupi penambihan fonem teng pengkere tembung.
Umpamie :
hulubala –> hulubalang
ina –> inang
petua –> petuah
sila –> silah
pelang –> pelangi
b. Pengicalan fonem
Gejala pengicalan fonem saged dibentenaken dados tigang jenis, nggih niku aferesis, sinkop, lan apokop.
1) Aferesis
Aferesis nggih niku gejala perobihan tembung arupi pengicalan fonem teng ajenge tembung.
Umpamie :
umundur –> mundur
umireng –> mireng
stani –> tani
ksatria –> kesatria
2) Sinkop
Sinkop nggih niku gejala perobihan tembung arupi pengicalan fonem teng tengahe tembung.
Umpamie :
sahaya –> saya
cit-cit –> cicit
wit-wit –> wiwit
gemerecik –> gemercik
3) Apokop
Apokop nggih niku gejala perobihan tembung arupi pengicalan fonem teng pengkere tembung.
Umpamie :
kontakt –> kontak
import –> impor
eksport –> ekspor
2. Kontraksi
Kontraksi nggih niku gejala perobihan tembung arupi pengicalan fonem langkung saking stunggal. Kadang-kadang wonten perobihan fonem.
Umpamie :
mahardika –> merdeheka –> merdeka
langka –> laka
ingsun –> isun
matahari –> matari –> mentari
3. Metatesis
Metatesis nggih niku gejala perobihan tembung arupi tetukeran tempat setunggal fonem atanapi langkung.
Umpamie :
berantas –> banteras
gentulung –> geluntung
almari –> lemari
lekuk –> keluk
I. Kaidah Morfofonemik
Kang dimaksad kaliyan kaidah morfofonemik nggih niku aturan-aturan, dasar-dasar, asas-asas, atanapi kukum-kukum kang linaku teng selebete proses morfofonemik nggih niku gejala perobihan tembung keranten pasamuane kaliyan morefem sanese.
1. Kaidah morfofonemik afiks aN-
a. aN– dados /am–/ upami dikintil dening wangun dasar kang gadah kawitan fonem /p, b, f/. fonem /p/ lan /f/ ical.
Umpamie :
aN– + produksi –> amroduksi –> mroduksi
aN– + pacul –> amacul –> macul
aN– + beca –> ambeca –> mbeca
aN– + baud –> ambaud –> mbaud
aN– + fasilitasi –> amasilitasi –> masilitasi
aN– + frasaaken –> amrasakaken –> mrasakaken
b. aN– dados /an–/ upami dikintil dening wangun dasar kang gadah kawitan fonem /d, j, t/. Fonem /t/ ical.
Umpamie :
aN– + dadak –> andadak –> ndadak
aN– + dikit –> andikit –> ndikit
aN– + jujug –> anjujug –> njujug
aN– + jiwit –> anjiwit –> njiwit
aN– + titir –> anitir –> nitir
aN– + tolak –> anolak –> nolak
c. aN– dados /any–/ upami dikintil dening wangun dasar kang gadah kawitan fonem /s, lan c/.
Umpamie :
aN– + sabet –> anyabet –> nyabet
aN– + sangu –> anyangu –> nyangu
aN– + sapu –> anyapu –> nyapu
aN– + candak –> anyandak –> nyandak
aN– + cabut –> anyabut –> nyabut
aN– + catut –> anyatut –> nyatut
d. aN– dados /ang–/ upami dikintil dening wangun dasar kang gadah kawitan fonem /k, g, h, r, lan aksara wilanjana/. Fonem /k, lan h/ ical.
Umpamie
aN– + kunci –> angunci –> ngunci
aN– + kintil –> angintil –> ngintil
aN– + giring –> anggiring –> nggiring
aN– + gawe –> anggawe –> nggawe
aN– + hibur –> angibur –> ngibur
aN– + hindar –> angindar –> ngindar
aN– + rebut –> angrebut –> ngrebut
aN– + rusak –> angrusak –> ngrusak
aN– + acak –> angacak –> ngacak
aN– + adu –> angadu –> ngadu
aN– + idu –> angidu –> ngidu
aN– + inte –> anginte –> nginte
aN– + udud –> angudud –> ngudud
aN– + utang –> angutang –> ngutang
aN– + edan –> angedan –> ngedan
aN– + embun –> angembun –> ngembun
aN– + ompol –> angompol –> ngompol
aN– + orok –> angorok –> ngorok
e. aN– dados /ange–/ upami dikintil dening wangun dasar kang cumi gadah setunggal kecap.
Umpamie :
aN– + bor –> angebor –> ngebor
aN– + bom –> angebom –> ngebom
aN– + cor –> angecor –> ngecor
aN– + las –> angelas –> ngelas
aN– + cet –> angecet –> ngecet
aN– + tik –> angetik –> ngetik
aN– + pos –> angepos –> ngepos
2. Kaidah morfofonemik afiks peN-
a. peN– dados /pem–/ upami kepanggih kaliyan wangun dasar kang gadah kawitane wilanjana /p, b, f/. Fonem /p/ sareng /f/ ical.
Umpamie :
peN– + pupul –> pemupul
peN– + pikir –> pemikir
peN– + babad –> pembabad
peN– + bantu –> pembantu
peN– + fitnah --> pemitnah
peN– + film –> pemilm
b. peN– dados /pen–/ upami kepanggih kaliyan wangun dasar kang gadah kawitane wilanjana /d, j, t/. Fonem /t/ ical.
Umpamie :
peN– + dakwa –> pendakwa
peN– + duduk –> penduduk
peN– + jait –> penjait
peN– + jaga –> penjaga
peN– + taruh –> penaruh
peN– + tuker –> penuker
c. peN– dados /peny–/ upami kepanggih kaliyan wangun dasar kang gadah kawitane wilanjana /s lan c/. fonem /s/ sareng /c/ ical.
Umpamie :
peN– + sambut –> penyambut
peN– + sabar –> penyabar
peN– + sakit –> penyakit
peN– + cukur –> penyukur
peN– + cakar –> penyakar
peN– + cotek –> penyotek
d. peN– dados /peng–/ upami kepanggih kaliyan wangun dasar kang gadah kawitane wilanjana /k, g, h lan aksara wilanjana/, fonem /k/ sareng /h/ ical.
Umpamie :
peN– + kunci –> pengunci
peN– + kaji –> pengaji
peN– + garu –> penggaru
peN– + gembok –> penggembok
peN– + hina –> pengina
peN– + hancur –> pengancur
peN– + angkat –> pengangkat
peN– + anter –> penganter
peN– + angkut –> pengangkut
peN– + ijon –> pengijon
peN– + inte –> penginte
peN– + urug –> pengurug
peN– + usaha –> pengusaha
peN– + ecer –> pengecer
peN– + encer –> pengencer
peN– + oplos –> pengoplos
e. peN– dados /penge–/ upami kepanggih kaliyan wangun dasar kang cumi gadah setunggal kecap.
Umpamie
peN– + las –> pengelas
peN– + bor –> pengebor
peN– + cor –> pengecor
peN– + bon –> pengebon
peN– + bom –> pengebom
peN– + cet –> pengecet
peN– + tik –> pengetik
peN– + dot –> pengedot
peN– + sap –> pengesap
peN– + pos –> pengepos
J. Fungsi Proses Pengimbuhan Afiks lan Pengulangan
Proses morfologis gadah fungsi gramatik, nggih niku fungsi kang wonten hubungane kaliyan ketatabasan. Sanese mekaten, proses morfologis ugi gadah fungsi semantik kang nyatakaken makna.
1. Prefiks a– lan aN–
Tembung kang gadah prefiks aN– teng tataran basa Cerbon disebate tembung anuswara. Tembung anuswara nggih niku tembung kang gadah swanten ngirung. Sedanten tembung kang gadah prefiks aN– kalebet teng tembung verbal atanapi tembung kriya, langkung tepate tembung kriya aktif. Mangkane, afiks aN– cumi gadah setunggal fungsi kemawon nggih niku mangun tembung kriya atanapi tembung verbal. Kang dimaksad kaliyan tembung kriya nggih niku tembung kang teng tataran wewengkon atanapi tataran klausa gadah kecenderungan kangge nempati fungsi predikat lan teng tataran frasa saged dinegatifaken kaliyan tembung mboten.
Tembung kriya saged digolongaken dados kalih golongan, nggih niku tembung kriya kaliyan tembung sifat. Kekalih tembung punika saged dibentenaken kaliyan kemumkinane dikintil dening frasa kaliyan sanget ….e. tembung kriya piyambek saged digolongaken dados tembung tembung kriya transitif lan tembung kriya intransitif.
Kang dimaksad tembung kriya transitif nggih niku tembung kriya kang saged diampili kaliyan tembung atanapi tembung-tembung minangka arupi objek. Sedeng kang dimaksad kaliyan tembung kriya intransitif nggih niku tembung kriya kang mboten saged dikintil dening tembung atanapi tembung-tembung minangka arupi objek.
a. Makna prefiks a–
Ater-ater a– enggene teng ajenge tembung barang. Ater-ater a– gadah makna :
1) Nyatakaken makna ‘nglampahaken kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
agawe –> nglampahaken panggawe
atandang –> nglampahaken tandang
2) Nyatakaken makna ‘gadah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
aklambi –> gadah klambi
aclana –> gadah clana
3) Nyatakaken makna ‘mboten gadah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
awignam –> mboten gadah halangan
abagja –> mboten angsal untung
amoral –> mboten gadah moral
b. Makna Prefiks aN–
1) Upami wangun dasare arupi pokok tembung, prefiks aN– nyatakaken makna ‘setunggal paripolah atanapi panggawe kang aktif lan transitif’ maksade paripolah punika dilampahaken dening pelaku kang nempati fungsi subjek. Subjek kang nuntut wontene objek. Umpamie anjokot, anyitak, angresmiaken, andulangi, amentung, amakani, (njokot, nyitak, ngresmiaken, ndulangi, mentung, makani,) lan sapanunggalane.
2) Upami wangun dasare arupi tembung sipat, prefiks aN– nyatakaken makna ‘ndadosaken kewontenan kang disebat teng bentuk dasar’ atanapi saged disebat nyatakaken ‘makna proses’. Umpamie ambeku, ambanyu, anguning, angaci (mbeku, mbanyu, nguning, ngaci), lan sapanunggalane.
3) Upami wangun dasare arupi tembung nominal atanapi tembung barang, afiks aN– nyatakaken makna :
a) Ngangge punapa kang disebat teng bentuk dasar, umpamie : amancing, amaku, amendel (mancing, maku, mendel,) lan sapanunggalane.
b) Dumadosaken punapa kang disebat bentuk dasar, umpamie : angabdi, angemis (ngabdi, ngemis), lan sapanunggalane.
c) Nuju teng tempat kang disebat bentuk dasar, umpamie : aminggir, anengah (minggir, nengah), lan sapanunggalane.
d) Medamel punapa kang disebat bentuk dasar, umpamie : anggambar, anggarisi, angukir (nggambar, nggarisi, ngukir), lan sapanunggalane.
4) Nyatakaken makna ‘makna statif kewontenan’ umpamie : angantuk, anglindur, amabok (ngantuk, nglindur, mabok), lan sapanunggalane.
2. Prefiks di–
Sedanten tembung kang gadah prefiks di– kelebet teng tembung verbal atanapi tembung kriya, langkung tepate tembung kriya pasif. Mangkane, prefiks di– gadah setunggal fungsi nggih niku mangun tembung kriya pasif.
Lumrahe objek teng prefiks di– punika ngrupiaken objek penderita kang maknae dikenai paripolah kang disebat teng wangun dasare. Anadene makna kang digadahi dening afiks di– nggih niku nyatakaken ‘paripolah / panggawe kang pasif’ atanapi ‘dikenai panggawe’.
Umpamie :
ditolak
dicolok
digambari
dibalangaken
3. Prefiks ka–
Sami kaliyan afiks di–, afiks ka– ugi gadah fungsi kangge mangun tembung kriya pasif. Umpamie teng tembung-tembung kagawa, kasusun, kasaji, kabagi, kabakar, kadorong, kajawab, kajembatani, lan maksih katah kang sanese. Cumi perlu diperhatekaken teng ngriki nyaniya mboten sedanten tembung kang gadah afiks ka– kalebet teng golongan tembung kriya pasif, umpamie tembung katuron, kaenget, kagugu, lan sapanunggalane.
Tembung-tembung kriya punika kalebet teng golongan tembung kriya intransitif. Tembung kriya intransitif nggih niku tembung kriya kang mboten saged dikintil dening objek. Wonten ugi tembung kang gadah afiks ka– kang mumkin kagolong teng tembung kriya pasif lan mumkin ugi kagolong teng tembung kriya intransitif, umpamie tembung kaedek. Tembung kaedek teng ukara Ahmad kaedek kaca kalebet teng golongan tembung kriya intransitif, sedeng teng ukara Kaca iku kaedek Ahmad kalebet teng golongan tembung kriya pasif. Teng ukara Ahmad kaedek kaca, tembung kaca ngrupiaken pelengkep, sedeng teng ukara Kaca iku kaedek Ahmad tembung Ahmad ngrupiaken objek.
a. Bentene Afiks di– kaliyan ka–
1) Afiks ka– mboten mentingaken pelaku tindakan atanapi paripolah. Umue pelaku paripolah atanapi panggawe punika mboten disebataken. Sedeng afiks di– maksih merhatekaken pelaku paripolah, panggawe atanapi tindakan, sanajan upami dibandingaken antawis tembung kriya pasif perhatian teng pelaku paripolah punika kirang sanget. Bandingaken ukara-ukara teng andap puniki!
Nikulah sebabe sampun kasusun rinencana kang pesti.
Sinareng mekaten, kalih dunia sampun kajembatani.
Kayu jati wis kauji kekiyatane.
Ati kula digoda dening peraosan tresna marang piyambeke.
Omongan punika digunaken dening tiyang kangge ngisi waktos.
Hal punika sampun kedah didadosaken contoh dening para pelabat.
2) Umume afiks ka– langkung ngajengaken asil paropolah atanapi langkung ngajengaken aspek perspektif sedeng afiks di– langkung ngajengaken tindakan atanapi perbuatane.
Umpamie
Teng operasi punika milet kaciduk para WTS.
Umume naskah cerios Babad Cerbon katulis kaliyan huruf Arab Pegon.
Buku basa Cerbone Salas kagawa Ulum.
Teng operasi punika milet diciduk para WTS.
Umume naskah cerios Babad Cerbon ditulis ngangge huruf Arab Pegon.
Buku basa Cerbone Salas digawa Ulum.
3) Pasif ka– nyatakaken makna ‘setunggale hal kang mboten sumejah’, sedeng pasif di- nyatakaken makna ‘paripolah kang disumejahaken’.
Umpamie :
Kinten-kinten sedasah griya teng Peken Celancang kabakar.
Teng Jakarta kula kadorong kangge kerja keras.
Kinten-kinten sedasa griya teng Peken Celancang dibakar.
Teng Jakarta kula didorong kangge kerja keras.
4) Pasif ka– nyatakaken makna ‘kemumkinan’, sedeng pasif di– mboten kados mekaten.
Umpamie
mboten kawaos –> mboten diwaos
mboten kabakta –> mboten dibakta
mboten katulis –> mboten ditulis
b. Makna Afiks ka–
Minangka pamrah pasamuan afik ka– kaliyan wangun dasare, maka tumimbul katah makna kang saged digolongaken kados teng andap puniki.
1) Nyatakaken makna ‘aspek perspektif’ (sampun dikenai paripolah, panggawe, atanapi tumindak kados kang disebat wangun dasar).
Umpamie :
kabagi –> sampun dibagi
katutup –> sampun ditutup
katanem –> sampun ditanem
2) Nyatakaken makna ‘mboten sumejah’
Umpamie :
kabakta –> mboten sumejah dibakta
katulis –> mboten sumejah ditulis
kacoret –> mboten sumejah dicoret
3) Nyatakaken makna ‘tiwa-tiwa atanapi ujug-ujug’
Umpamie :
kablosok
katuron
karubonan
4) Nyatakaken makna ‘kemumkinan’
Umpamie :
Mboten kaitung
Mboten kajujug
Mboten kawaos
Mboten kaduga
4. Prefiks ke–
Umume afiks ke– tumempel teng wangun dasar kang kalebet teng golongan tembung wilangan, umpamie kesetunggal, kekalih, ketiga, kesekawan, lan sapanunggalane. Prefiks ke– gadah setunggal fungsi nggih niku mangun tembung kriya pasif. Anadene makna kang digadahi dening prefiks ke– nggih niku
a. Nyatakaken ‘jumblah kang mangadeg saking jumblah kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
kekalih (tiyang) kumpulan kang mangadeg saking kalih tiyang
ketiga (buku) kumpulan kang mangadeg saking tigang buku
kesekawan (kantet) kumpulan kang mangadeg saking sekawan kantet
kegangsal (maisa) kumpulan kang mangadeg saking gangsal maisa
kenenem (pemaen) kumpulan kang mangadeg saking nenem pemaen
b. ‘nyatakaken urutan’
Umpamie :
(pegawe) kesepuluh
(bagian) ketiga
(griya) kewolu
(meja) kepapat
c. Nyatakaken makna ‘kedadosan’
Umpamie :
kegugu
keplayu
kebirit-birit
d. Nyatakaken makna ‘gadah sifat, tetenger’
Umpamie :
ketua –> gadah sifat tuwa
kepengen –> gadah sifat pengen
keweruh –> gadah sifat weruh
e. Nyatakaken makna ‘kelompok ijenan atanapi kang dianggep setunggal’
Umpamie :
kekalih (tiyang punika)
ketiga (sederek punika)
kesekawan (golongan punika)
kegangsal (buku punika)
f. Nyatakaken makna ‘kemumkinan’
Umpamie :
kewaos –> mumkin saged diwaos
kepireng –> mumkin saged dipirengaken
kepahami –> mumkin saged dipahami
ketangguan –> mumkin saged ditanggui
Antawis prefiks ka– kaliyan ke– kedah dibentenaken keranten makna kang digadahi ugi benten. Nanging teng pianggean sedinten-dinten antawis afiks ka–lan ke– meh mboten wonten bentene. Hal punika dumados keranten secara ungel, antawis ungel ke– kaliyan ka– punika wonten teng wewengkon kang sami. Prefiks ke– nyatakaken paripolah kang disumejahaken sedeng afiks ka– nyatakaken tindakan, paripolah atanapi panggawe kang mboten disumejahaken.
Umpamie :
kabakta –> saged / sumejah dibakta
kebakta –> mboten sumejah dibakta
kajungjung –> saged / sumejah dijungjung
kejungjung –> mboten sumejah dijungjung
kadorong –> saged didorong
kedorong –> mboten saged / sumejah didorong
5. Prefiks peN–
Prefiks peN– kelebet teng tembung nominal. Minangka tembung nominal, prefiks peN– kemumkinane diului atanapi didingini tembung negasi sanes lan mboten.
penakut
Piyambeke sanes pemales
periang
penakut
Piyambeke mboten pemales
periang
Anadene makna kang digadahi dening ater-ater peN– nggih niku :
a. Upami wangun dasare arupi pokok tembung, prefiks peN– nyatakaken makna ‘kang pedamelane nglakoni paripolah, panggawe, tindakan, atanapi perbuatan kang disebat teng wangundasar’.
Umpamie :
penembang –> tiyang kang pedamelane nembang
pencukur –> tiyang kang pedamelane nyukur
pemaos –> tiyang kang pedamelane maos
b. Nyatakaken makna ‘alat kang digunakaken kangge nglampahaken paripolah, panggawe, atanapi tindakan atanapi perbuatan kang disebataken teng wangun dasar’.
Umpamie :
pemancar –> alat kangge mancaraken
penyukur –> alat kangge nyukur
penyambung –> alat kangge nyambung
c. Upami wangun dasare arupi tembung sifat, prefiks peN– nyatakaken makna ‘kang gadah sifat kados kang disebataken teng wangun dasar’.
Umpamie :
pemales –> gadah sifat males
pemedos –> gadah sifat wedos
pewirang –> gadah sifat wiring
d. Upami wangun dasare arupi tembung sifat, prefiks peN– nyatakaken makna ‘wontene sifat kangge kang disebat teng wangundasar’.
Umpamie :
pengalus –> gadah sifat kangge ngalusaken
pengiat –> gadah sifat kangge ngiataken
e. Upami tembung dasare arupi tembung nominal, prefiks peN– nyatakaken makna ‘kang pedamelane gadah hubungan kaliyan punapa kang disebat teng wangundasar’.
Umpamie :
pelaut –> pedamelane gadah hubungan kaliyan laut
penyair –> pedamelane gadah hubungan kaliyan syair
pengusaha –> pedamelane gadah hubungan kaliyan usaha
6. Prefiks pe–
Prefiks pe– kadang-kadang angel dibentenaken kaliyan prefiks peN– keranten kondisi prefiks peN– mumkin saged ical anuswarae upami dikintil dening wangun dasar kang gadah fonem kawitan /r, l. w, lan nasal/. Teng hal puniki saged diangge pituduh nyaniya prefiks peN– umume tinalenan kaliyan tembung kriya prefiks aN–, sedeng prefiks pe– umume tinaliyan kaliyan tembung dwipurwa.
Umpamie
penulis –> anulis (nulis)
pemaos –> amaos (maos)
pelukis –> anglukis (nglukis)
nanging
pelaku –> lelaku
petani –> tetanen
pegawe –> gegawe
Prefiks pe– cumi gadah setunggal fungsi, nggih niku nyatakaken makna ‘minangka pemangun tembung nominal’, umume nyatakaken makna ‘kang biasa/seneng nglampahaken/ pedamelane kang kasebat teng bentuk dasar’.
Umpamie :
pengengken –> tiyang kang biasa ngengken
pekengken –> tiyang kang dikengken
penatar –> tiyang kang kegiatane natar
petatar –> tiyang kang ditatar
peninju –> tiyang kang biasa ninju
petinju –> tiyang kang kegiatane tinju
penaruh –> tiyang kang seneng nglakokaken taruhan
petaruh –> barang kang didadosaken taruhan
penugas –> tiyang kang biasa nyukani tugas
petugas –> tiyang kang ditugasaken
7. Prefiks sa–
Prefiks sa– kaliyan se– selerese kedah dibentenaken keranten makna kang digadahi ugi benten. Nanging teng pianggean sedinten-dinten antawis prwfiks sa– lan se– meh mboten wonten bentene. Hal punika keranten secara ungel, antawis ungel se– kaliyan sa– punika wonten teng wewengkon kang sami. Prefiks sa– nyatakaken sifat kang mangun makna ‘kewontenane sami kaliyan kang disebat teng wangun dasar’ sedeng prefiks se– mboten kados mekaten.
Umpamie :
Ombake gedene sampe saumah.
Nyatakaken makna ombak punika agenge sami kaliyan griya.
Isun lan adi menenge masih bareng seumah.
Nyatakaken makna mindele maksih sareng teng griya kang sami.
8. Prefiks se–
Prefiks se– ngrupiaken ater-ater kang fungsie mangun tembung nominal. Anadene makna kang digadahi dening ater-ater se– nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘setunggal’
Umpamie :
serombongan –> setunggal rombongan
sedinten –> setunggal dinten
sewengi –> setunggal wengi
sekabupaten –> setunggal kabupaten
b. Nyatakaken makna ‘sedantene’
Umpamie :
seindonesia –> sedantene Indonesia
sejagat –> sedantene jagat
c. Nyatakaken makna ‘sami …e’
Umpamie :
sepinter –> sami pintere
seinggil –> sami inggile
secendek –> sami cendeke
seageng –> sami agenge
d. Nyatakaken makna ‘sesampune’
Umpamie :
sekesahe –> sesampune kesah
sewangsule –> sesampune wangsul
sedugie –> sesampune dugi
semlebete –> sesampune mlebet
e. Nyatakaken makna ‘sampe …e.
Umpamie :
sedugie –> sampe dugie
setelase –> sampe telase
seketemue –> sampe ketemue
sepegele –> sampe pegele
sekebeke –> sampe kebeke
semongkoge –> sampe mongkoge
9. Prefiks kaping–
Umume prefiks kaping- tumempel teng tembung golongan wilangan. Fungsi prefiks kaping– puniki mangun tembung wilangan kang nyatakaken ‘urutan’.
Umpamie :
kapingsetunggal –> urutan kesetunggal
kapingkalih –> urutan kekalih
kapingtiga –> urutan ketiga
kapingsekawan –> urutan kesekawan
kapinggangsal –> urutan kegangsal
10. Prefiks para–
Prefiks punika tansah tumempel kaliyan wangun dasar kang kelabet teng tembung nominal insani. Anadene makna kang digadahi dening prefiks para– nggih niku :
a. nyatakaken makna ‘wilangan kang katah mboten temtos’
Umpamie :
para bapak –> katah bapak
para dermawan –> katah dermawan
para yuwana –> katah yuwana
b. nyatakaken makna ‘seneng ngalmapahaken panggawe kang disebat wangen dasar’
Umpamie :
parawadul –> seneng wadul
parajail –> seneng jail
parapadu –> seneng padu (tukaran)
c. nyatakaken makna ‘sedanten kang disebat teng wangen dasar’
Umpamie :
paragumantung –> sedanten kang kagantung
parakapendem –> sedanten kang kapendem
parakatanem –> sedanten kang katanem
parakasimpar –> sedanten kang kasimpar
11. Prefiks maha–
Prefiks puniki biasae tumempel kaliyan tembung kang nuduhaken sifat-sifate Gusti Allah atanapi kang dianggep Tuhan. Afiks maha– upami dikintil dening wangun tunggal kedah diserat pinisah, sedeng upami dikintil dening wangun andahan maka afiks maha– kedah diserat serangke.
Umpamie :
Mahaasih
Mahakuasa
Mahaadil
Maha Pemurah
Maha Penyayang
Maha Pengasih
12. Ater-ater kuma–
Ater-ater kuma– wontene teng ajenge tembung sifat (adjektiva). Anadene makna kang digadahi dening ater-ater kuma–, nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘kaya …. a dewek’
Umpamie :
kumawani –> kaya wani-wania dewek
kumalungkung –> kaya lungkung-lunkunga dewek (sombong)
kumaayu –> kaya ayu-ayua dewek
b. Nyatakaken makna ‘tindakan atanapi pangandikan kang artose …. temen’
Umpamie :
kumalancang –> lancang temen
kumabodo –> bodo temen
13. Ater-ater kami–
Ater-ater kami– wontene teng ajenge tembung kang kagolong teng tembung verba. Anadene makna kang wonten teng ater-ater kami– nggih niku :
a . Nyatakaken makna ‘terlalu kados dene kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
kamijongjon –> terlalu jongjon
kamikakon –> terlalu kaku
kamilakar –> terlalu lakar (wareg)
b. Nyatakaken makna ‘kawontenan kados dene kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
kamitenggengen
kamisesegen
kamitaton
kamikiyengen
c. Nyatakaken makna ‘katah kang kados disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
kamitotol –> pating totol
kamisosol –> pada sosol
kamibrusut –> katah kang mbrusut
14. Ater-ater pada–
Ater-ater pada– gadah fungsi mangun tembung kriya pasif, tembung kriya aktif, lan tembung kewontenan.
Umpamie :
a. tembung kriya aktif kang gadah makna ‘sami’ atanapi ‘katah’
Umpamie :
pada tuku
pada mlayu
pada gemuyu
b. tembung kewontenan kang maknae ‘sami’
Umpamie :
pada sugih
pada pinter
pada males
c. Ater-ater silih–
Ater-ster silih– fungsie kangge mangun tembung pedamelan kang ngandung makna ‘wewalesan (resiprokal)’.
Umpamie :
silih asah
silih asih
silih asuh
15. Ater-ater ting–, pating–
Ater-ater ting–, atanapi pating– fungsie mangun tembung pedamelan kang nyatakaken makna ‘katah kang nglampahaken’.
Umpamie :
tingglesor –> katah kang ngglesor
patingprinding –> pada mrinding
tinkrusuk –> katah kang ngrusuk
patingplotot –> pada mlotot
tinggrudug –> katah kang nggrudug
patingblarat –> pada mblarat
16. Ater-ater swa–
Ater-ater swa– gadah setunggal fungsi nggih niku mangun tembung sifat kang nyatakaken makna ‘sifat kang dilampahaken piyambek’.
Umpamie :
swabhawa –> tabiat piyambek
swawidya –> pangauning piyambek
swadana –> beaya/dana piyambek
swadarma –> kewajiban piyambek
swadaya –> kekiyaten piyambek
swakarsa –> keparengan piyambek
swakelola –> pengelolaan piyambek
17. Ater-ater sarwa–
Ater-ater gadah setunggal fungsi nggih niku mangun tembung nominal kang nyatakaken makna ‘katah, rineka macem, samubarang’.
Umpamie :
sarwapuspa –> rineka macem kekembangan
sarwayudha –> samubarang senjata perang
sarwawaditra –> samubarang piranti ungel-ungel
sarwatinandur –> sedanten kang ditandur
sarwatinanem –> sedanten kang ditanem
18. Ater-ater kapi–
Ater-ater kapi– ngrupiaken ater-ater kang wontene teng ajenge tembung kang kagolong tembung verbal. Anadene makna kang digadahi dening ater-ater kapi– nggih niku nyatakaken makna ‘kantun di …. aken mawon’
Umpamie :
kapirunggu –> kantun dirunguaken mawon
kapideleng –> kantun didelengaken mawon
kapiambung –> kantun diambungaken mawon
kapijejel –> kantun dijejelaken mawon
kapiasem –> kantun diasemaken mawon
19. Ater-ater adi–
Ater-ater adi– ngrupiaken ater-ater kang wontene teng ajenge tembung kang kagolong tembung sifat lan tembung nomina. Anadene makna kang digadahi dening ater-ater adi– nggih niku :
a. nyatakaken makna ‘paling agung, langkung inggil dibanding kang sanese, luar biasa’
Umpamie :
adidaya –> gadah kekiyatan kang luar biasa
adikuasa –> gadah kekuwasaan kang luar biasa
adikarya –> karya kang luar biasa/monumental
adibusana –> busana kang dirancang dening perancang kang eksklusif
adikara –> gadah kekuwasaan kang langkung tinimbag kang sanese
adikodrati –> nglangkungi kodrat alam
adiluhung –> paling unggul mutue tinimbang kang sanese
adipura –> paling bersih tinimbang kang sanese
adiraja –> gelar raja kang paling inggil
adisiswa –> siswa kang paling hebat/teladan
adiwangsa –> wangsa kang paling agung
adiwerna –> warni kang paling inan
adiwidia –> pangauning kang paling inggil
b. nyatakaken makna ‘gadah sifat pareng nonjolaken kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
adigang –> gadah sifat pareng nonjolaken kekuwasaan atanapi kekiyatan piyambeke
adigung –> gadah sifat pareng nonjolaken kebangsawanane, keagungane, keturunane, atanapi keluhurane, piyambeke
adiguna –> gadah sifat pareng nonjolaken kepinteran piyambeke
20. Infiks –um–
Infiks atanapi seselan –um– ngrupiaken seselan verba keranten biasae kataruh teng tembung kang kalebet teng golongan verba (tembung kriya lan sifat). Seselan –um– upami wontene teng tembung kang awale vokal, maka seselan –um– pinika ditaruh teng ajenge tembung. Umpamie : ece dados umece, ungel dados umungel. Anadene makna kang digadahi seselan –um– nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘salebete kawontenan kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
kumingking –> selebete kawontenan kang kingking/sedih
sumejah –> selebete kawontenan kang sejah
bumagja –> selebete kawontenan kang bagja
b. Nyatakaken makna ‘setunggale paripolah atanapi panggawe aktif kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
lumaku
umingsed
uminggil
c. Nyatakaken makna ‘ngangge kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
cumlana –> ngangge clana
kumlambi –> ngangge klambi
rumasukan –> ngangge rasukan
d. Nyatakaken makna ‘ngewontenaken kang disebat wangun dadar’
Umpamie :
rumangkul –> nglampahaken rangkulan
pumesta –> nglampahaken pesta
rumiya-riya –> nglampahaken riya-riya
e. Nyatakaken makna ‘ngedalaken kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
kumebul –> ngedalaken kebul
gumrungung –> ngedalaken swanten nggrunggung
gumleger –> ngedalaken swanten nggleger
6) Nyatakaken makna ‘nuju teng panggenan kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
lumebu –> nuju teng lebu
umetu –> nuju teng etu (jawi)
umajeng –> nuju teng ajeng
f. Nyatakaken makna ‘gadah sifat kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
kumentus –> gadah sifat kentus
kumaki –> gadah sifat kaki
gumunggung –> gadah sifat gunggungan
21. Infiks –in–
Infiks atanapi seselan –in– gadah fungsi kangge ngewangun tembung kriya pasif. Nanging mboten sedanten seselan –in– kalebet teng golongan tembung kriya pasif, umpamie tinuron, tinangfiu, ininget, rinasa, tembung-tembung punika kelebet teng golongan tembung kriya intransitif. Wonten ugi seselan –in– kang kelebet teng golongan tembung kriya pasif lan mumkin ugi kelebet teng golongan tembung kriya intransitive. Teng sisih punika wonten ugi seselan –in– kang kelebet teng golongan tembung sifat, kados dene : ininggil, inendep, inutami, sinae, pininter, lan sapanunggalane. Anadene makna kang digadahi deniung seselan –in– nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘aspek perspektif atanapi sampun dikenai paripolah atanapi panggawe kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
binagi –> sampun dibagi
sinurung –> sampun disurung
tinutup –> sampun ditutup
b. Nyatakaken makna ‘kembotensumejahan dikenai paripolah atanapi panggawe kang disebat wangun dasar
Umpamie :
ginawa –> mboten sumejah digawa
binakta –> mboten sumejah dibakta
sininggung –> mboten sumejah disinggung
cinoret –> mboten sumejah dicoret
c. Nyatakaken makna ‘ujug-ujug dikenai paripolah atanapi panggawe kang disebat wangun dasar
Umpamie :
linilir –> ujug-ujug nglilir
dinawah –> ujug-ujug dawah
ininget –> ujug-ujug inget
tinuron –> ujug-ujug turu
d. Nyatakaken makna ‘kemumkinan dikenai paripolah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
sinelami –> mumkin saged diselami
winaca –> mumkin saged diwaca
dinuga –> mumkin saged diduga
pinahami è –> mumkin saged dipahami
jinujug –> mumkin saged dijujug
e. Nyatakaken makna ‘paling kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
ininggil –> paling inggil
binodoh –> paling bodoh
pininter –> paling pinter
kinasep –> paling kasep
ineman –> paling dieman
f. Nyatakaken makna ‘kang dikenai paripolah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
kinasih –> kang dikasihi
sinayang –> kang disayangi
tinudu –> kang dituduhi
tinulis –> kang ditulisi
sinambung –> kang disambungi
sinawang –> kang disawang
g. Nyataaken makna ‘gadah sifat kados kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
sinatria –> gadah sifat kados satria
sinawung –> gadah sifat kados sawung
dinokok –> gadah sifat kados dokok
ginunggung –> gadah sifat kados gunggungan
h. Nyataaken makna ‘saged dikenai paripolah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
cinandak –> saged dicandak
binarung –> saged dibarung
tinumbas –> saged ditumbas
ginanti –> saged diganti
tiniru –> saged ditiru
i. Nyatakaken makna ‘siweg dikenai paripolah kang disebat wangun dasar
Umpamie :
ginawe –> siweg digawe
ginurit –> siweg digurit
binangkit –> siweg dibagkitaken
binangun –> siweg dibangun
tinandur –> siweg ditandur
22. Infiks –em–
Infiks atanapi seselan –em– selerese cumi varian saking seselan –um– keranten meh sedanten tembung kang saged diseseli kaliyan seselan –um– punika saged diseseli kaliyan seselan –em–. Umpamie seselan –um– teng tembung gumantung, kumadung gumleger, gumulung, gumrudug, saged disubstitusiaken dados tembung gemantung, kemadung, gemleger, gemulung, gemrudug.
Mekaten ugi hale kaliyan masalah makna kang wonten teng selebete seselan –em– punika sami persis kaliyan makna kang digadahi dening seselan –um-, nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘salebete kawontenan kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
kemingking selebete kawontenan kang kingking / sedih
semejah selebete kawontenan kang sejah
bemagja selebete kawontenan kang bagja
b. Nyatakaken makna ‘setunggale paripolah aktif kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
lemaku
emangkat
demagang
emingsed
c. Nyatakaken makna ‘ngangge kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
cemlana
kemlambi
remasukan
d. Nyatakaken makna ‘ngewontenaken kang disebat wangun dadar’
Umpamie :
remangkul
pemesta
remiya-riya
e. Nyatakaken makna ‘ngedalaken kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
kemebul
gemrungung
gemleger
gemletuk
f. Nyatakaken makna ‘nuju teng panggenan kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
lemebu
emetu
emajeng
g. Nyatakaken makna ‘gadah sifat kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
kementus
kemaki
gemunggung
semengguh
emaleman
demenyar
h. Nyatakaken makna ‘kempelan, katah, rineka kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
gemunung
temali
i. Nyatakaken makna ‘teras-terasan kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
gemuruh
gemulung
gemeter
23. Infiks –el–
Infiks atanapi seselan –el– ngrupiaken seselan verbal lan seselan nominal. Anadene makna kang digadahi dening seselan –el– nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘dumados, linaku, atanapi nglampahaken kaliyan pelaku atanapi kelawan laku kang katah’
Umpamie :
kelupas
geleser
keloyak
selowek
gelingsir
b. Nyatakaken makna ‘kang nglampahaken paripolah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
pelatuk
pelajar
pelites
pelencing
c. Nyatakaken makna ‘alat kangge nglampahaken paripolah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
telapak
selompret
telunjuk
selongsong
d. Nyatakaken makna ‘asil paripolah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
kelopak
gelembung
gelombang
belendrang
e. Nyatakaken makna ‘kempelan atanapi katah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
geligi
gelebyar
geleter
gelabrug
f. Nyatakaken makna ‘kewontenan kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
telikung
telindes
celuprak
geleprok
gelinding
gelantung
24. Infiks –er–
Infiks atanapi seselan –er– ngrupiaken seselan verbal lan seselan nominal. Seselan –er– fungsie mbentuk tembung verbal lan tembung nominal. Anadene makna kang digadahi dening seselan –er– nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘kang teras-terasan nglampahaken paripolah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
geresek
seruak
serudug
b. Nyatakaken makna ‘kang gadah sifat kados kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
gerigis
gerimis
kerontang
c. Nyatakaken makna ‘katah kang nglampahaken paripolah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
gerandul
gerantung
kerendol
terongol
d. Nyatakaken makna ‘alat kang diangge kangge nglampahaken paripolah kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
seruling
serunjang
serunai
keranjang
25. Sufiks –aken/–kaken/–kenang/–enang /–ena/
Sufiks –aken/–kaken/–enang/–ena/punika sanes ngrupiaken simulfiks sami kaliyan aN–, di–, atanapi ka–. Sufiks –aken/–kaken/–enang/–ena/ gadah fungsi mangun pokok tembung. Anadene makna kang digadahi sufiks –aken/–kaken/ –enang/–kenang / –ena/ :
a. Nyatakaken makna benefaktif nggih niku makna ‘nglakokaken paripolah atanapi tindakan atanapi perbuatan kang disebat teng bentuk dasare dilampahaken kangge tiyang sanes’.
Umpamie :
wacakaken
tumbasaken
gawakenang
ndamelenang
panekena
b. Nyatakaken ‘makna kausatif’.
1) Nyatakaken makna ‘nyebabaken kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
ndodokaken
ngadegena
ngrubuhenang
ngenakaken
ngasinaken
ngasemaken
2) Nyatakaken makna ‘ndadosaken/nyebabaken kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
ngambakaken
nyiutaken
nginggilena
mbenerenang
3) Nyatakaken makna ‘kaliyan kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
gebugaken (kayu iki)
gubedaken (tali iku)
4) Nyatakaken makna ‘nganggep kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
ndewakaken
mersanakenang
nyederekaken
5) Nyatakaken makna ‘temen-tinemenan kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
rungokaken
elingena
6) Nyatakaken makna ‘mbakta/mlebetaken teng panggenan kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
nyebrangaken
menjarakaken
minggiraken
mlebetaken
26. Sufiks –a
Sufiks atanapi akhiran –a cumi gadah setunggal fungsi nggih niku kangge mangun tembung prentah atanapi penyuwunan. Tujuan penggunaan sufiks –a punika kangge ngalusaken ukara perentah. Anadene Makna kang digadahi dening sufiks –a nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘penyuwunan atanapi ngengken nglampahaken panggawe kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
mandega
mlajenga
mrikia
b. Nyatakaken makna ‘pengiatan/penegesan maksad kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
Mekatena wontene kula.
Mugia angsal ginanjar kewilujengan.
Sanajana dereng priyad dikempelaken kemawon.
27. Sufiks –i
Sufiks atanapi akhiran –i sanes ngrupiaken simulfiks kaliyan aN–. di–, ke–. Sufiks –i gadah fungsi mangun pokok tembung. Makna afiks –i nggih niku :
a. Nyatakaken ‘paripolah atanapi tindakan atanapi perbuatan kang disebataken teng wangun dasar kang dilakokaken ping pirang-pirang (repetisi).
Umpamie :
naboki
mbukai
metiki
nyukili
nggedugi
b. Nyatakaken ‘makna nyukani punapa kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
nandatangani
nguyahi
nggulai
ngasemi
c. Objeke nyatakaken ‘tempat’
Umpamie :
ndodoki kursi
nekai umah
ngeceti pager
d. Nyatakaken makna ‘teng, nyukani teng, supados’
Umpamie :
ademi
panasi
pageri
kemuli
e. Nyatakaken ‘makna kausatif’
Umpamie :
manasi
ngabriti
nelesi
f. Minangka sufiks adjektival, sufiks –i biasae robih dados, –i, –wi, –iah, nyatakaken makna ‘gadah sifat kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
alami
badani
insani
g. Nyatakaken makna ‘wonten hubungan kaliyan kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
ragawi
surgawi
maknawi
h. Nyatakaken makna ‘dumasar kewontenan teng kang disebat teng wangun dasar’
Umpamie :
alamiah
badaniah
ragawiah
duniawiah
28. Sufiks –an
Sufiks atanapi akhiran –an cumi gadah setunggal fungsi, nggih niku mangun tembung nominal. Anadene makna kang digadahi sufiks –an nggih niku :
a, Nyatakaken makna ‘setunggale hal kang gadah hubungan kaliyan panggawe kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
panganan
tulisan
anggitan
perakan
kemasan
b. Nyatakaken makna ‘unggal kang disebat wangun dasar’.
Umpamie :
minggonan
wulanan
taunan
c. Nyatakaken makna ‘ijenan kang ijenane disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
meteran
kiloan
kibikan
d. Nyatakaken makna ‘pirang-pirang kang disebat wangun dasar’.
Umpamie :
puluhan kucing
atusan tiyang
ewonan mainda
29. Sufiks –e
Sufiks atanapi akhiran –e ngrupiaken pronomina kang cumi gadah setunggal fungsi nggih niku mangun tembung nominal. Anadene makna kang digadahi dening afiks –e nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘pituduh kang gadah’
Umpamie :
bukue Amir
lemarie kula
mejae Pak Guru
mobile Mang Kaji
b. Nyatakaken makna ‘pituduh tujuan kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
deweke
kulae
sampeyane
piyambeke
30. Sufiks –ana, –nana
Sufiks atanapi akhiran –ana, –nana cumi gadah setunggal fungsi, nggih niku mangun tembung prentah. Anadene makna kang digadahi dening sufiks –ana,–nana nggih niku ‘kengken nglampahaken panggawe kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
baktanana
siramana
tilikana
ilarana
buangana
31. Sufiks –en
Sufiks atanapi akihran –en fungsie mangun tembung kewontenan kang nyatakaken makna ‘wonten kang disebat wangun dasare’
Umpamie :
pitaken
korengen
wudunen
budugen
umbelen
buluken
uwanen
Sufiks atanapi akihran –en fungsie mangun tembung prentah kang alus. Akiran –en teng selebete basa Indonesia punika sejajar kaliyan partikel –lah.
Umpamie :
candaken
jokoten
tukuen
limbangen
upayanen
susulen
32. Sufiks –ing, –ning
Sufiks –ing atanapi –ning gadah setunggal fungsi nggih niku mangun tembung partikel kang nuduhaken intensitas. Sufiks –ing gadah alomorf –ning. Upami tembung kang diampili punika dipungkes kaliyan fonem vocal, maka –ing tetep–ing sedeng upami tembung kang diampili punika dipungkes kaliyan fonem konsonan maka –ing punika dados –ning.
Umpamie :
setunggaling
awaking
wateking
sandayakalaning
mastakaning
watuning
33. Sufiks –wan/–wati
Sufiks atanapi akiran –wan/–wati cumi gadah setunggal fungsi, nggih niku minangka pembentuk tembung nominal. Anadene makna kang digadahi nggih niku ‘tiyang … kang ahli teng bidang kang disebat teng bentuk dasar’.
Umpamie
negarawan
wartawati
sastrawan
seniwati
34. Konfiks ka–aken
Konfiks ka–aken fungsie mangun tembung nominal abstrak. Anadene makna kang digadahi dening simulfiks ka-an punika nggih niku :
a. nyatakaken ‘makna saged dikenai panggawe kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
kagentosaken
kapragataken
kagletakaken
kaumpetaken
kaslamataken
b. nyatakaken ‘makna mumkin dikenai panggawe kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
kagentosaken
kaparagataken
kagletakaken
kaumpetaken
kaslamataken
35. Simulfiks ke–an
Afiks ke–an ngrupiaken simulfiks keranten tumempele secara sami-sami anggene ndukung setunggal fungsi. Fungsi simulfiks ke–an nggih niku amangun tembung nominal abstrak (tenbung barang abstrak). Anadene makna kang digadahi simulfiks ke–an nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘hal kang gadah hubungan kaliyan masalah kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
kedigdayaan
kedunyaan
kemenusan
kelembagaan
b. Nyatakaken makna ‘saged dikenai paripolah atanapi tindakan atanapi perbuatan kang disebat teng wangun dasar’ atanapi nyatakaken makna ‘saged di…i’.
Umpamie :
kesumerepan
ketangguan
kesumerepan
ketangguan
c. Nyatakaken makna ‘kewontenan ketiban akibat kewontenan paripolah atanapi hal-hal kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
keudanan
kepanasan
keatisan
kelaran
d. Nyatakaken makna ‘gadah tetenger atanapi sifat kados kang disebat wangun dasar’
Umpamie :
kemakmuran
kerakyatan
kesenian
keruwedan
kebersihan
e. Nyataken makna ‘wewengkon, panggonan, atanapi tempat kang disebat wangun dasar’.
Umpamie :
kecamatan
kerajaan
kedutaan
kelanggengan
36. Simulfiks ke–en
Afiks ke–en ngrupiaken simulfiks keranten tumempele secara sami-sami selebete ndukung setunggal fungsi. Simulfiks ke–en cumi gadah setunggal fungsi nggih niku mangun tembung nominal. Anadene makna kang digadahi dening afiks ke–en nggih niku : nyatakaken makna ‘terlalu kang disebat wangun dasar’.
Umpamie :
keatisen
kesuween
kedaluen
kelabasen
37. Simulfiks peN–an
Afiks peN–an ngrupiaken simulfiks keranten tumempele secara sami-sami selebete ndukung setunggal fungsi. Simulfiks peN–an cumi gadah setunggal fungsi, nggih niku mbentuk tembung nominal. Sebagian ageng afiks peN–an ngrupiaken asil nominalisasi saking afiks aN– kang dikintil dening afiks –i lan –aken atanapi mboten dikintil dening afiks –i atanapi –aken. Anadene makna afiks peN–an nggih niku :
a. Nyatakaken makna ‘hal nglampahaken tindakan atanapi paripolah atanapi perbuatan kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
pemaosan
penumbasan
penulisan
petangledan
b. Nyatakaken makna ‘cara nglampahaken tindakan atanapi paripolah kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
penyajian
pengiriman
pengajuan
c. Nyatakaken makna ‘asil paripolah atanapi tindakan atanapi perbuatan atanapi barang kang disebat teng wangun dasar’ atanapi nyatakaken makna ‘punapa-punapa kang di…’.
Umpamie :
peninggalan
pengasilan
petukuan (petukon)
d. Nyatakaken makna ‘alat kang digunakaken kangge nglakuaken paripolah atanapi tindakan kados dene kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
pemirengane
peningalane
pendaharane
e. Nyatakaken makna ‘panggenan kange nglampahaken tindakan, perbuatan, atanapi paripolah kang disebat teng wangun dasar’.
Umpamie :
pengadilan
pengasingan
pembucalan
38. Konfiks se–e
Afiks se–e ngrupiaken konfiks. Konfiks se–e cumi gadah setunggal fungsi nggih niku kangge mangun tembung keterangan saking tembung sifat. Akibat pesamuane kaliyan wangun dasar, konfiks se–e nyatakaken makna ‘paling inggil kang saged diasilaken’. Makna kang kados mekaten disebate makna superlatif.
Umpamie :
sekebeke
sekatahe
sekiate
DAFTAR PUSTAKA
Abbas, Lutfi. 1967. Pengantar Linguistik dan Tatabahasa Bahasa Indonesia. Edisi I. Bandung: Jajasan Penerbitan Universitas Padjadjaran.
Adiwidjaja, R.I. 1951. Adegan Basa Sunda. Jakarta : Wolters
Alston, P. William. 1964. Philosophy of Language. London : Rouletge & Prentice – Hall, Inc.
Aminudin. 1983. Pengantar Memahami Unsur-Unsur dalam Karya Sastra, Bagian II. Malang : FPBS IKIP Malang
Aminudin. 1988. Semantik : Pengantar Studi tentang makna. Bandung : Sinar Baru
Badudu, J.S. 1977. Pelik-Pelik Bahasa Indonesia. Banadung : Pustaka Prima
Bell, Roger T. 1976. Sociolinguistics : Goals, Approach, and Problems. New York : St. Martin Press
Chaer, Abdul. 1990. Penggunaan Preposisi dan Konjungsi Bahasa Indonesia. Ende– Flores : Nusa Indah
Chaer, Abdul. 1995. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta : Rineka Cipta
Halim, Amran. 1984. Intonasi dalam Hubungannya dengan Sintaksis Indonesia. Ja-karta: Jambatan.
Kentjono, D. 1988. Dasar-Dasar Linguistik Umum. Jakarta : Fakultas Sastra Universitas Indonesia
Keraf, Gorys. 1982. Tatabahasa Indonesia. Ende Flores: Nusa Indah.
Kridalaksana, Harimurti. 1982. Kamus Linguistik. Jakarta : Gramedia
Kridalaksana, Harimurti. 1984. Kamus Sinonim Bahasa Indonesia. Ende-Flores : Nusa Indah
Manto, D.G. 1996. Pelajaran Bahasa Cerbon Kangge Kelas III SMP. Jakarta : CV. Restu Ibu
Moeliono, Anton M. 1988. Tata Bahasa Baku Bahasa Indonesi. Jakarta : Balai Pustaka
Moeliono, Anton M., dkk. 1998. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta : Balai Pustaka
Parera, Jos Daniel. 1983. Pengantar Linguistik Umum: Fonetik dan Fonemik. Ende Flores: Nusa Indah.
Parera, Jos Daniel. 1988. Sintaksis. Jakarta : Gramedia
Pateda, Mansoer. 1986. Semantik Leksikal. Ende-Flores : Nusa Indah
Poerwadarminta, WJS. 1983. Kamus Umum Bahasa Indonesia. Jakarta : Balai Pustaka
Ramlan, M. 1985. Penggolongan Kata. Yogyakarta : Andi Offset
Ramlan, M. 1987. Ilmu Bahasa Indonesia : Sintaksis. Yogyakarta : CV. Karyono
Ramlan, M. 1987. Morfologi suatu Tinjauan Deskriptif. Yogyakarta : CV. Karyono
Rusyana, Yus., dkk. 1986. Ensiklopedi Sastra Sunda. Jakarta : Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa
Salana. 2002. Wyakarana Tata Bahasa Cirebon. Bandung : Humaniora Utama Press
Samsuri. 1982. Analisis Bahasa: Memahami Bahasa Indonesia Ilmiah. Jakarta: Erlangga.
Samsuri. 1983. Analisis Bahasa. Jakarta : Erlangga
Satjadibrata. 1948. Kamoes Basa Sunda. Djakarta : Balai Poestaka
Sitindoan, G. 1984. Pengantar Linguistik dan tatabahasa Indonesia. Bandung: Pus-taka Prima.
Sukarso, Nicko Asmara. 2002. Pengajaran Wacana. Sumedang : STKIP Sebelas April Sumedang
Suprapto. 1991. Kumpulan Istilah dan Apresiasi Sastra Bahasa Indonesia. Surabaya : Indah
Surawisastra, Elan. 1982. Panungtun Padalangan Wayang Golek di Pasundan. Bandung: Pusat Olah Seni Pewayanagan Jawa Barat dan Pamarentah Daerah Tingkat I Provinsi Jawa Barat
Tarigan, Henry Guntur. 1984. Prinsip-Prinsip Dasar Sastra. Bandung : Penerbit Angkasa
Teew, A. 1988. Sastra dan Ilmu Sastra. Bandung : Pustaka Jaya
Verhaar, J.W.M. 1979. Pengantar Linguistik. Yogyakarta: Gajahmada University Press.
Verhaar, JWU. 1981. Pengantar Linguistik I. Yogyakarta : Gajah Mada University Press
Zachary, Djuli., dan Karyono. 1997. Kumpulan Tembung Bebasan. Klaten : Intan Pariwara
Zachary, Djuli., dan Karyono. 1997. Latihan Nrios Bebabasan. Klaten : Intan Pariwara